ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

AMAL MUKMIN (1377 H / 1957 M )

Sifat sifat mukmin
( Malam senen tgl 26 Muharram 1377 H / 1957 M )
Sifat mukmin kudu ajer ning raine
Ora merengut balik bengar ning raine
Sifat mukmin kudu megar ya tangane
Ora medit nggo sodakoh ning tamune
Sifat mukmin ora goroh omongane
Bagen nyata ora buka rusiane
Sifat mukmin kudu suci ning atine
Ora hasud ujub ‘ujub takabur lan riyane
Weruhana ahli suarga kang utama
Ya sodakoh berjama’ah alim ‘ulama

Ayu sholat mangan turu berjama’ah
Alloh paring umat Islam luwih bunga
Ing wong tua nyenggol-nyenggol bantonana
Waktu urip yen wis mati dongakena
Aran ilmu mata ati kelingane
Alloh rosul waktu awan Lan bengine
Terus bersih mata ati kang sewiji
Ning badane agamane ya diuji
Bisa ngaji kitab akeh nama kiyai
Tapi elinga ngelingi bakale tai
Dudu ilmu cuma perabot kekayaan
Ambil nota masyhuraken kepinteran
Awas santri ketipu sira uripe
Gage eling Alloh rosul ndepe-ndepe
Pahamana mulang syahadat setempelan
Supaya eling Alloh rosul bisa jalan
Wajib ngaji yen kepengen dadi santri
Kepengen weruh bukane syahadat sirri
Gage batur wajib luruh ing pancatan
Bisa mbuang ati musyrik keruwedan
Aja ana pikir luruh keniatan
Terus jujur ati suci ketauhidan
Guru nuntun ning santrine luwih welan
Aja gelem pikire dituntun syetan
Terus dipegang kabeh hukun agama
Yen sira mikir luang landak ya badane
( malam Selasa tgl 7 Robiul Akhir 1377 H / 1957 M )
Ayu batur bersatu musyawarahan
Jalanaken ati jujur kebeneran
Rusak ning dunya banget blenake
Gage tobat laku bagus ning awake
Eman-eman ning jasmanine bakal lebur
Karo batur bebarengan ingkang akur
Aran akur cangkem ngucap ora goroh
Eling Alloh ngucapaken syahadat loro
Ayu batur pikirane sing temenan
Nyata-nyata sira pengen ning ganjaran
Ayu luruh dalan selamet ning dunyane
Mlebuh kubur aja gawa kesalahan
Ya syahadat dalan selamat dunya akherat
Wedenana laku salah lan maksiat
Nyalahi hukum syare’at  iku banget salah
Tinggal sunnah tinggal hormat ya disiksa
Tingalana dunya iku hake mukmin
Tapi sing miliki bareng wong kafir
Iki jaman sing awas jaman walikan
Ora awas ning atine ketinggalan
Lanang wadon jembaraken pikirane
Alloh gawe bumi langit seisine
Nggo nyandangi anak Adam turunane
Aja kalah praktek urip kasabane
Badan iku ibarate kaya kereta
Luruh rido ing Alloh kang luwih nyata
Aran kereta wajib ana ning kusire
Jaran narik wis ana angger- anggere
Kereta momot barang kudu gelem narik
Sebab wedi maring kusire bokan digitik
Kereta iku kudu ana ning rodane
Bisa mubeng yen bagus jaba jerone
Roda jabe cangkem iku ibarate
Roda jero ati eling ma’rifate
Badan momot wajib sunnah ajarane
Alloh rosul kang ngusiri ing atine
Elingana badan wis dicadangi kubur
Cuan lali aja enak mangan nganggur
Bakal digiring golong-golong maring maksyar
Kaya welut jero kembu pating kelalar
Tang bengi Sholat Tahajud
Ayu batur njaluk seneng dunya akherat
Gage tangi waktu bengi olih ni’mat
Ayu tangi sedurunge waktu fajar
Mumpung dunya ilmu amal gage dikejar
Tangi bengi syetan goda kang ngemuli
Arep tangi ning tahajud den ganduli
Pengen dadi umat islam kudu tangi
Yen tahajud Lan memuji awan bengui
Rizki goib malaikat ingkang bagi
Ora tangi waktu bengi tetep rugi
Gelem tangi waktu bengi nafsu kendo
Ajar ikhlas gawa amal bisa ridho
Yen Wis ikhlas terus mesem ya atine
Syetan bujuk banget alot ing atine
Tiwas pegel ora dadi ibadah
Ora cocog ing syare’at salah bae
( Tgl 13 Sofar, Malam Selasa tgl 20 Mulud 1377 h / 1957 M )
Weru santri wulan mulud kang utama
Nuhun lahir kula gelem ning agama
Terus lahir ati demen kanjeng nabi
Dunya akherat umat muhammad den aubi
Yen pengen badane bisa kayoman
Aja sampe dunya akherat kepanasan
Gage-gage buru–buru bisa ngepang
Ya dipanggul hawa nafsu aja mang-mang
Muruk santri ya manfa’at ning ilmune
Gelem masang kuping cangkeme lan atine
Kang percaya njaluk wuruk ning gurune
Ing syahadat lan tunjina wulangane
Syahadat tauhid syahadat rosul sumber atine
Lan tunjina kang nolak pancabayane
Terus nyumber ora pegot ning atine
Eling Alloh rosulullah kelakuane
Janji berikut fitnah dunya lan akherat
Yen opena urip-urip ning syahadat
Ati peteng ketutupan ning nafsune
Sebab ora ngalap tunjina ning gurune
Gage mikir amal soleh ning dunyane
Aja kongsi ketekanan pancabayane
Fitnah dunya nafsu mumbul pikirane
Laku dholim ati sumpek ning dunyane
Nurut guru pikirane ya dialih
Syarat rukun apa cocok apa beli
Aja merem ati nira kaya kiong
Barang melek awake digotong wong
( Malam rabu tgl 5 Jumadil awal 1377 H / 1957 M )
Iki jaman banget akhir ning dunyane
Pengen selamet kudu melek mata atine
Tujuane pengen selamet ning awake
Dunya kubur ning makhsyar emong rusake
Apa jaluke ning dunya den dadikaken
Mukmin kafir munafik den karepaken
Aja pada dadi wong malang tanggungi
Arep mukmin kafir sapa ngalangi
Nyata-nyata yen wong mukmin pikirane tegas
Eling Alloh ning atine bisa tedas
Yen wong mukmin manut rosul tedasaken
Sorban jubah duha tahajud jalanaken
Yen wong mukmin kudu tambah lumayan
Aja pada ngaderaken kesunahan
Mikiraken awak sing enom sampe tua
Tempo mati sira apa kang digawa
Ilmu amal iman islam ingkang bukti
Aja berenti sedurunge manjing mati
Gusti Alloh nurunaken ketetntraman
Seneng bunga ora geresah ning pikiran
Ning atine wong mukmin ya ditambah
Yen elinga tambah iman ora robah
Gusti Alloh ngelatih iman macem-macem
Terus ngejer yen wong mukmin luwih kejem
Gusti Alloh ngobahaken ngenangaken
Eling Alloh malaikat kang jagakaken
Tapi kudu ana syarat-syarat dasaraken
Sabar terima lan sukuran jalanaken
Bagen belang pitak parod ning rupane
Kanjeng nabi nyafa’ati ning dunyane
Aja pada sira dadi wong munafik
Iblis ngantem malaikat pada nggenjet
Wong munafik menenge ning tengah-tengah
Selamet beli rusak ya bloli genah
Wong munafik ora duwe ning panutan
Salah bae bagen bener ning omongane
Ora diandel selagine durung ngalih
Ning pikire Apa eling Apa beli
Yen wis ngalih kafir mukmin luwih terang
Yen wis kafir Iblis bantu luwih tandang
Yen wong mukmin malaikat ingkang ngeraksa
Kabeh cobaan gusti Alloh ingkang kuasa
( Hari Rabu tgl 13 Jumadil Awal 1377 H / 1957 M )
Iki jaman sampuk rupek kang sedia
Tetepana hak kang bener tetep mulya
Buru-buru gage ngaji ning syahadat
Tujuane pengen selamet dunya akherat
Selamet dunya kudu duwe ning dunyane
Selamet akherat amal soleh gegawane
Maca Solawat Tunjina Saban Dina
Sejene ati kudu terus ning pangeran
Aja manut hawa nafsu saking syetan
Niatana amal ikhlas aja liyan
Nuntun badan kanggo eling ning pangeran
Nuntun awak anak rabi ingkang anteng
Laki rabi waktu mangan kudu anteng
Alloh ganjar pada karo puasane
Telung wulan ayu manut ning gurune
Sifat mukmin ngati-ati eling pangeran
Cuan keliwat saban detik saban ambekan
Yen elinga tetep selamet saking blai
Lan siksane dunya akherat kang mayahi
Awas batur aja mati ati nira
Tanda amti ora weruh aturan agama
( Hari Selasa tgl 21 Jumadil Awal 1377 H / 1957 M )
Akal mikir luruh dalan kesenengan
Tepungana ati eling ning pangera
Gage napak ing perintah Alloh rosule
Kudu angger cuan pegot kula gandule
Ngku islam aja gelem digendongi
Unek –unek gage batur den buangi
Pengen selamet badan ati ya diraksa
Qodlo Qodar yen mukmine bisa ngeraksa
Wong ning dunya dibagi patang duman
Sugih dunya sugih ilmu sebagian
1.4. Jiwa Merdeka
Iblis ngerebut sing awas sira atine
Aja ketipu mata ati pikirane
Ya pasangen iman tauhid keislaman
Jiwa merdeka kabeh pikir kemauan
Gusti ngusir ning belanda sare’ate
Iblis dunya hawa nafsu hakekate
Banget terang gusti sayarif wulangane
Syahadat loro merah putih benderane
Jiwa merdeka pikir kemauan
Aja ngelanggar Qur’an hadis perbatasan
Berani hak takut batil ning badane
Terus tunduk Alloh rosul ning atine
Alloh ngerusak ning wong lacut agamane
Ora gelem merdekakaken ning jiwane
Siksa bukti ning dunya banget welan
Wong kang gelem atine dijajah syetan
Ati wani ngeluhuraken agamane
Badan suci ati jujur pikirane
Nganggo sorban jubah putih ingkang bener
Jaman akhir wong pinter pada keder
( Malam Rabu tgl 13 Robiul Akhir 1377 H / 1957 M )
Yen kepengen pada duwe ning tunggangan
Gage pada melu lotre mobil sedan
Dunya makhsyar waktu muat ya balapan
Gage ngalih mangan turu ya sapisan
Kang sedina Lan sewengi ya jamane
Telung taun gage bergerak kelakuane
Gelem tuku gusti rosul kang ngelayani
Ning suwarga widadari kang ngeladeni
Dururng oli lotre sedan ya ditambah
Duha tahajud wiridana aja rubah
Yen menusa kudu ana ning badane
Aja mang-mang sing mati sira atine
Aja kaya santri-santri kang biasa
Jampi akeh ngelakunane ora bisa
Awit cilik sampe tua langka pikire
Arep mati langka pisan ning elinge
Ayu mikir wajib Sunnah ning dunyane
Ngasabaken rohani ana buktine
Jaman akhir pikirane ingkang pas
Dunya makhsyar waktu muat aja panas
Ati ngamprak salah paham pikirane
Kanjeng nabi ora ridho ning dunyane
Tes mangan pengen mangan ya jaburan
Duwe tamu mangan maning ya hormatan
ILMU MA’RIFAT
Ilmu kewalian
Terus condong ati madep keedanan
Ing kanjeng nabi aran ilmu kewalian
( Malam rabu tgl 30 Robiul Akhir 1377 H / 1957 )
Ayu batur gage ngaji bebarengan
Aja kongsi ati ira kepetengan
Aja enak-enak urip tenang dewek
Ati lali maring Alloh ya munafek
Urip ketipu ning dunya banget bodone
Ora waspada banget picek ning atine
Ingkang lembut lan waspada pikirane
Ayu balik ngeling-ngeling pangerane
Ayu manut gagian ning kanjeng rosul
Tawasulan berjamaah gage kumpul
Gage tangi waktu bengi lan memuji
Duha tahajud sorban jubah kang diuji
Wis jamane kon bersatu kelawan batur
Yen ora gelem bersatu imane luntur
Gage bersatu cangkem ngucap lan atine
Mesti aman subur makmur agamane
Ati merem waktu dunya ora melek
Barang melek jero kubur nggletak dewek
Syahadat nyucikaken nyuburaken
Nyucekaken tunjinane wiridaken
Ya kerjanen batur kabeh aja nganggur
Iki jaman marek-marek arep ibur
MASALAH MANUSIA
3.3. Wujude menusa seutuhe
yen kepengen dadi wujude manusia
sabar nerima ikhlas rido kudu bisa
Ayu wedi kelakuane wedu batal
Santri wali mangan nginum iku halal
Rukun iman apal-apal ning lambene
Qodo Qodar ora bisa ning nerimane
Pesten ala tumiba aja ngersula
Sabar nerima ikhlas rido awak kula
Pesten wajib bagus tumiba wajib syukuran
Saban tingkah pola eling ning pangeran
Awan bengi tetepana ning syare’at
Manfa’ati ilmune dunya akherat
Lanang wadon ayu kumpul berjama’ah
Aja pada sholat dewekan ya ning umah
( Malam Selasa tgl 25 Rajab 1377 H / 1957 M )
Ayu batur gawe to’at nggo lantaran
Supaya ati eling ning pangeran
Gage santri nyatakaken kesabaran
Yen Wis sabar ngilangaken kesalahan
Terus muji gage njaluk pangapura
Ning pangeran kabeh salah awak kula
Iki jaman kang bagie ya pangeran
Yen meleka mata ati kesyukuran
3.2. Wernane Manusia
Ngamalaken ning dunyane eling pangeran
Mangan nyandang belanja nurut patokan
Nomor loro cuma sugih ning ilmune
Lamun sugi niat naroh agamane
Pada bae ganjarane ning akherat
Bagen miskin sebab tunggal ning syahadat
Awas-awas gawe dalan nyilakani
Luwih angel gawe dalan den ridhoni
Pokok akal badan ati niat naroh
Cuan-cuan keliru kita manut maring guru
3.3. Melarat
Wong kang picek mata atine tambah susah
Pijer ngerungu aban-aban dadi payah
Lara dunya perangsane lawas dewek
Picek atine sebab masih munafik
Ora kuatir siksa kubur banget lawas
Banget larane selawase ora waras
Ngulik dunya pikirane ngejak mekaya
Yen ora niat nggo akherat kaniaya