ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

DAWUH SYEKHUNAL MUKAROM (1390 H – 1970 M )

Aduh gusti kula nuhun pangapunten
Sekatae dosa kula ingkang wonten
Gede cilik dosa ati dosane badan
Mugi kersa ngampura gusti pangeran
Bukah ati tutupana cacad kula
Nuhun dipecat ati kula ingkang ala
Bade sinten kang ngapura sekabeh dosa
Anging gusti panjenengan kang kuasa
Dosa samar panjenengan langkung periksa
Mugi-mugi ngapura sekabeh dosa
Alkhamdulillah kula muji kesyukuran
Gusti Alloh kang nebihaken Kemusyrikan
Ayu santri ingkang paham pikirane
Maring nadom aja bosen apalana
Yen di kajih bisa weru ning anggone
Yen wis weruh duwe ilmu ana kanggone
Jaman dingin rapat wali cerbon girang
Dipun imbal desa bulak Jatibarang
Ngrundingaken maju mundure syahadat
Gelem nampa apa beli kabeh rakyat
Santri ngandel ning pituture syekhuna
Ilmu amal iman islam ya sempurna
Masjid mekkah sing nunggoni para wali
Dipun imbal tanah jawa kebon melati
Weruhana santrine syarif hidayat
Dadi wali sebab ngaji syahadat
Sira weruh terus geguru ning syahadat
Ning timbulane gusti syarif hidayat
Aja dumeh sira bisa ning syahadat
Sira bisa ning syahadat munggah ning adat
Ayu wedi watir maras ning atine
Akhir umur bokan blolih pangapurane
Gage tangi bengi sholat tahajud
Den paringi penjaluke wongkang sujud
Jaluk apa ning dunya disediai
Sugih pinter bener saking Ilahi
Gusti Alloh ngampura dosa ora angel ora apa
Tapi delenge tobat sira kaya apa
Awak sira awan bengi kacanana
Ingkang awas tindak lana titenana
Yen kepengen dadi mukmin kudu ngalahi
Aja wani madoni akhire belai
Poma aja wani sira nukari
Ingetaken dadi batur mengko buri
Arep tukar karo batur aja wani
Yen wania sira iku nggo upan geni
Alloh Alloh Alloh ya rosululloh
Kabeh badan kang nguasani gusti Alloh
Nuhun-nuhun kekuatan jalanaken
Ning perintahe kang sampun ridlokaken
Lamon iman gelem nyebut asma pangeran
Tetep aman muarah sandang murah pangan
Rokhman rokhim iku welas winelasan
Maring umat maring Makhluk sepepadan
Iki jaman wis akhir kari setitik
Yen ora mikir gawe amal ora katik
Jaman akhir ilmu ilang manfa’ate
Bagen kiyai ahli tapa langka kramate
Jaman akhir Sunnah nabi digeguyu
Sing geguyu yakin pisan wong keliru
Jaman akhir Sunnah nabi disengiti
Bonggan sengit kejaba umate gusti
Jaman akhir Sunnah nabi ora digawa
Sing nyekeli luwih panas kenimbang wangwa
Jaman akhir Sunnah nabi didugali
Poma batur aja ucul diganduli
Dajjal la’nat sore jum’at pada metu
Seja ngulati ngaku duwe anak putu
Dajjal iku matane kang kiri siji
Omonge sulaya ora netepi janji
Batuke dajjal diwaca tulisane
La’ natulloh ‘ alal kafirin ya unin