ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

MAKSUD MACA SYAHADAT BA’DA SHOLAT (1389 H / 1969 M)

1. Arti Maca Syahadat Telu
Syahadataken sepisan sira macane
Nuhun selamet waktu najah ning dunyane
Maca syahadat kaping pindone
Nuhun selamet mungkar nangkir jawabane
Maca syahadat kaping telune
Nuhun selamet maju landrat arah-arah mahsyar
2. Artine muji maulana ya maulana
Nabi Muhammad :
Gusti nabi nuhun selamet ingdalem dunya lan akherat
Ayu batur gage gandul Dunya akherat aja ucul
Siti khodijah :
Siti khodijah bangete ikhlas
Nabi Muhammad bangete melas
Harta benda kabeh diterima
Nggo gelaraken ning agama

Siti fatimah :
Siti Fatimah jaluke berat
Umat Islam ahli ma’siat
Disunahaken pangapurane
Umat Islam sedayane
Khasan khusein :
Nuhun gusti Khasan khusain
Nure akal aja kelalen
Maring Alloh lan rosul
Bisa ma’ rifat ning akale
Syekhunal mukarrom :
Bapa guru nuhun pitulung
Nafsu kula kang kumentung
Rusake nafsu alane
Emong ibadah awak kulane
Sebab nyata kecampuran
Nafsu kula kelawan syetan
Badan gregah nuruti syetan
Akal ma’rifat beli jalan
Fatimah Gandasari :
Fatimah Gandasari
Nuhun dunya aja kari
Agama kula nuhun tetep
Laku ibadah ingkang mantep
Mugah-mugah saged sodaqoh
Ning fakir miskin segala brantah
Ayu sodaqoh ikhlasna
Barang kang luwih sukakna
GustiAlloh kang nganakaken
Sira kabeh kang gelaraken
Sira bisa ngatur dunyane
Tetep sira ana imane
Mumpung urip bareng-bareng
Ning fakir miskin ayu kedeleng
Sira nyata ana imane
Matine sira enak nggone
Syarif Hidayatulloh:
Gusti Syarif hidayatulloh netepaken ning Alloh
Duwe badan dibagusi
laku ala den tangisi
Duwe ilmu ingkang nyata
Kanggo sangu balik kita
Duwe ati adepna
Akal ma’rifat temenana
Maring guru kudu nylondo
Elinga kita masih bodo
Kanjeng nabi banget melas ning umate
Ayu manut tingkah rosul waktu sholate
Jubah putih udeng putih ning dunyane
Ayu dianggo ibadah sira badane
Gusti Alloh dohir batin ya ningali
Waktu sholat ati anteng apa beli
Wongkang sholat blasar-blasar ning akehe
Ayu ngrasa waktu sholat salah bae
Syetan wani nyela-nyela wong ibadah
Pikir pegah ati ngamprak dadi robah