ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

ISRO MI’ROJ (1388 H 1968 M)

Sebabe mi’roj bumi langit pada urusan
Tapi hikmah karo karone pada tukaran
Jare bumi luwih bagus tinimbang sira
Alloh maesi segara gunung lan negara
Pirang-pirang wiwitan lan bengawan
Kanggo contone wog kang duwe iman
Mundak isun srengenge wulan kang berharga
Pikirana kursi ‚arsy lan suwarga
Pirang-pirang lintang buroq ana ning isun
Ora ngerti kabeh makhluk butuh ning isun
Bumi jawab pada towaf pada mursalin
Para nabi para nabi lan muslimin
Pada jiarah ing baetulloh kabe makhluk
Wetan kulon lor kidul pada njaluk
Mundak isun pada towaf malaikat
Ning baetul makmur kabeh rokh ning akherat

Ning suwarga rohe nabi lan mursalin
Lan ning isun rokhe mukmin lan mursalin
Pikirna sira langit syayidil mursalin
Onjo makhluk kekasih robbul ‘alamin
Pungkasane nabi ana ning isun
Sempurnane rerubah ana ning isun
Langit meneng ora jawab ngerasa kalah
Ana ning bumi nabi Muhammad wakile Alloh
Enggal matur langit maring Alloh
Nuhun diunggahaken rosululloh
Hai jibril kita jaluk ditekakaen
Ing brantae ati kita nyata kaken
Jibril terus masang lapak lan kendali
Tekakaken maring buroq ing kanjeng nabi
Jibriol marek ning buroq seja ngomongi
Ayu buruk mudun nekani kanjeng nabi
Buroq tangi kang maune lagi ndeluk
Ngerasa bunga kelingan asma kang ning batuk
Weruhana isra mi’raj kanjeng nabi
Kon sesuci tindakane kanjeng nabi
Wis kecerita kanjeng nabi waktu mi’roj
Ayu diraksa urip kita aja murtad
Kanjeng nabi kesah mi’roj ba’da isya
Munggah langit pitu subuh ana ning mekah
Wulan rajab bengi senen pitulikure
Waktu iku kanjeng nabi bade sare
Sayidina ja’far sayidina hamzah kanan kirine
Boten dangu dugih malaikat lorone
Nalika ngundang malaikat jibril alon-alon
Sebab ketingal kanjeng nabi siweg turon
Kanjeng nabi wonten ing hijir ismail
Nuli den timbali ning malaikat jibril
Kanjeng nabi ngerungu nuli enggal wungu
Bari ngandika kanjeng nabi sapa iku
Nuli jawab aku malaikat jibril
Nuwun ridlone panjenengan tiang adil
Malaikat loro nuli diaturi manjing
Dodok bareng sorote bening
Kanjeng nabi maring jibrli nuli nakoni
Dines apa iki jibril mene waktu bengi
Niki kula bakta dawuh saking pangeran
Kula mreki kengkeng ngiriomaken sampean
Kanjeng nabi nuli enggal jawab salam
Serta matur kanjeng nabi ning pangeran
Jibril nuli matur maning ing kanjeng nabi
Panjenengan kedawuhan dalu puniki
Awit makkah sampe dugih masjid aqso
Teras munggah maring langit saking kono
Malaikat jibril isun mangkat gawa apa
Serta isun ditimbali ajeng punapa
Gusti Alloh arep bendu apa ora
Apa gusti bade paring pangapura
Jibril jawab bumi langit pada urusan
Dados kula kengken ngalap panjenengan
Punten malih dalem agung sesembahan
Nyediai maring gusti kejemberan
Nunten malih gusti Alloh nyediai
Pangapura kanggeh gusti kanjeng nabi
Kanjeng nabi nuli takon ning malaikat
Pangapura kanggo isun apa nggo umat
Umat isun cilik-cilik sugih dosa
Ora olih pangapura tetep disiksa
Jibril matur gusti nabi aja melang
Umat panjenengan asal aja mang-mang
Sampun tutug malaikat loro tutur-tutur
Kanjeng nabi enggal dipun bakta sumur
Dugih sumur kanjeng nabi dikon anteng
Dipun bukah dadane sampe ning weteng
Kanjeng nabi dibedel iki perlune
Bade dipun suceni jero atine
Malaikat loro sampun beres nucenane
Lajeng dipun isi ilmu sedayane
Serta dada lan gigir wonten tulisan
Tetengere akhire jaman cape nabi
Jibril matur mangga gusti haturan mangkat
Kula bakta tunggangane kang luwih katat
Engal dandan kanjeng nabi nuli metu
Sesarengan kalian tiang tiga iku
Kanjeng nabi ngadepi buroq gegrijogan
Aja nunggang yen iki dudu utusan
Jibril nyandak ning buroq ngomongi terang
Hai buroq apa sira ora duweni wirang
Aja mangmang iki nyata kanjeng nabi
Ingkang dadi utusane Allohurrobi
Nuli buroq ning adepan gelem anteng
Ngrasa wirang sampe peningale peteng
Buroq metu keringete sebadan kujur
Sebab ngrasa kita iki ya takabur
Nuli buroq depe-depe ning kanjeng nabi
Sebab pengen enggal-enggal di tunggangi
Kanjeng nasbi nuli diaturi mangkat
Nunggang buroq dipun iring malaikat
Jibril mangkat ya sewiwine dibeber
Sebab arep barengi buroq mabur
Ya buroqe terus beber seqwiwine
Nuli mabur sampun nitih kanjeng nabine
Jibril ngiring ning tengene kanjeng nabi
Sebab jibril perlune nyekel kendali
Malaikat mikail ning kiwene kanjeng nabi
Iku perlune bari nggeceki sangga wedi
Kanjeng nabi lumaku tampa aaturan
Kengken sembahyang patang panggonan
Mula-mula mudun ning masjid madinah
Sebab iku ning kono tempate pindah
Kapindone mudun ning negara madian
Nuli sholat sampun salam enggal dangdan
Kanjeng nabi sholat niku banget kersa
Iku ning madian tapakane musa
Ping telune mudun ning gunung tursina
Kanjeng nabi mudun konoh banget bungah
Kanjeng nabi sholat maning rong rokaat
Nabi musa ning kono waktu munajat
Kaping pate mudun ning baetul lakmin
Kanjeng nabi nuli tandang sholat maning
Sasmpun salam kanjeng nabi nuli meriksa
Baetu lakmin tapakane nabi isa
Kanjeng nabi lumaku ningal perlambang
Pirang-pirang kanggo nyontohi umat
Mul-mula kanjeng nbai ningali tiang
Digiring-giring kaya wedus pirang-pirang
Pada wuda tur pada mangani eri
Enggal takon maring jibril kanjeng nabi
Jibril jawab contoh umat kanjkeng nabi
Waktu dunya ngutangi balik nganaki
Mengkin kondur saking ngeriki enggal nasehati
Maring umat aja pada gawe kianat
Mantek oragawe aman ning negara
Lan akhire wong iku dadi sengsara
Kanjeng nabi ora leren terus amblas
Ningal malih wong lagi nggedigi endas
Endas digedig remuk pada betataran
Bener maning digedig maning terus-terusan
Esuk soreawn bengi ora berenti
Nuli takon maring jibril kanjeng nabi
Jibril jawab contoh umat panjenengan
Ngelakoni sholat ora manut ning aturan
Mengkin kondur saking riki tutur-tutura
Maring umat ngelakoni sholat aja lara wora
Aja pada ngelakoni sholat kaya wong rudat
Mengko akhir nemu siksa banget berat
Ningal malih kanjeng nabi ning wong akeh
Pada ngadepi daging lan daging menteh
Pada mangani daging menteh kang diuleri
Daging mateng kang bagus ditaroh mburi
Kanjeng nabi maring jibril enggal takon
Kabeh nabi maring umat banget open
Jibril jawab contoh umat panjennengan
Waktu dunya ningal rabine deleng wong lian
Panjenmengan mengkin kondur saking niki
Tuturana kabeh umat kon ngati-ati
Boten danguh kanjeng nabi ningali mali
Maring kaum pada nangis jelah jelih
Pada nyakari raine terus ning dada
Gocar gacer sebab nganggo kuku waja
Mulak malik tumpang tindi ora leren-leren
Kanjeng nabi maring jibril enggal takon
Jibril jawab iku contone kawula
Kang ngomonge ngrasa ora duwe dosa
Menawi mengkin panjenengan sampun kendur
Tuturana umat kabeh aja takabur
Aja bae kandane pada rerasan
Tuwas ibadah nampa siksa sing pangeran
Boten danguh kanjeng nabi ningali tiang
Sepuh sanget sandangane serupa abang
Panggone kaya masih bocah perawan
Gelang kalung lambe abang tur pupuran
Kanjeng nabi ora ningal ora nulih
Lamon ningal maring uga blolih
Malikat jibril enggal nyentreg buroq malih
Kuatir kanjeng nabi bokan ningali
Nuli matur mlaikat jibril ning kanjeng nabi
Untung temen panjenengan boten ningali
Lamon panjenengan wau purun ningal
Mesti umat panjenengan kabeh mungal
Ora gelem kon pada ngelakoni agama
Tungkul melulu senenge ngakali dunya
Ikah wau wng wadon ganbare dunya
Katon gagah gembira nyatane hina
Mengkin ngajeg umat kabeh jaken iman
Omongana aja ucul keislaman
Boten danguh dugih ning negara palestin
kanjeng nabi niku mi’roj dohit bathin
Waktu iku kanjeng nabi pinanggihan
Klawan nabi kabeh uluk salam
Sampun dugih ning masjidil aqso kabeh
Kanjeng nabi mereng ning suara rameh
Par nabi-nabi kabeh pada mangsuli
Ning salame gusti kula kanjeng nabi
Para nabi kabeh pada ngaturaken pemuji
Untung temen bagja temen gusti nabi
Kanjeng nabi ugah mangsuli ning pemuja
Langkung bagja wong kang pada gelem muji
Manjing mesjid kanjeng nabi terus shoalt
Sampun salam terus nuli suara komat
Rampung komat para nabi bebarisan
Jibril nyandak kanjeng nabi kon dadi iman
Rampung sholat kanjeng nabi atur pamit
Medal sing masjid nyandak anda munggah langit
Awit langit sepisan tumekah pitu
Saban langit jibril jaluk bukah pintu
Alam malakut eloke luar biasa]
Oara nana padane ning alam dunya
Kita kabeh pengen mukmin kudu percaya
Mula-mula kanjeng nabi meriksa syurga
Jembar wera ning jerone banget lega
Ning jero gedong panganane werna-werna
Cukup komplit segala-gala wis ana
Gedong surga iku ana tulisane
Umat kabeh kang manut perintah gustine
Lajeng pindah kanjeng meriksa neraka
Ula kelabang kalajengking rante geni
Wong ning disiksa neraka awan engi
Kanjeng nabi meriksa neraka terang katon
Ning neraka sing akeh iku wong wadon
Waktu dunya ora syahadat ora sholat
Lan wong wadon kang ora open ning aurat
Kanjeng anbi nuli munggah ning sidrotil muntaha
Dewek bae ora karop sapa-sapa
Kanjeng nabi ngajak jibril ora gelem
Sebab ora olih ijin sing gusti dalem
Gusti nabi kula ngiring boten teras
Lamon teras mesti kula nemu tiwas
Mung semene kula gusti ya derajate
Boten sami kalih apnjenengan ya pangkate
Kanjeng nabi nulimunggah kiambekan
Dugih ngeriku kerungu suarane kolam
Kanjeng anbi terang pisan mireng koalm
Lagi nulisa amale wong sebumi alam
Waktu kanjeng nabi munggah kolam pecah
Sebab kaget ningal gusti rosululloh
Kanjeng nabi piambekan tambah jujur
Terus manjing kanjeng nabi ning khabibnur
Pirang-pirang khabib kanjeng nabi iku weruh
Sampun tutug manjing khabib nampih weruh
Kanjeng nabi nuli kelipet iku badane
Ning mega nur terus sedayane
Sira sifat basariyah jaman makan
Terus kebuka kabeh sifat kesempurnaan
Gusti Alloh nuli dawuh ninh kanjeng nabi
Hai Muhammad jaluk apa sira kon mrene
Kanjeng anbi ngaturaken nabi-nabi liyane
Abdi pasrah punapa mawon saking panjenengan
Ya Muhammad tampanana telaga kautsar lan kabeh umat
Sapa bae umate kang dipai syafa’at
Gusti Alloh nuli perintah ning kanjeng nabi
Hai Muhammad lakonana seket waktu awan bengi
Kanjeng nabi nampani dawuh saking pangeran
Nuli kondur jujug jibril kang nunggu ning dalan
Kanjeng anbi nampi kondur ning aturan
Saking nabi musa kon jaluk persudan
Bolak balik kanjeng nabi ambal ping sanga
Kari lima kanjeng anbi dikon nerima
Kanjeng nabi nuli kondur maring mekah
Bakta dawuh pengaturan saking Alloh
Kanjeng nabi kesa mi’roj ba’da isya
Munggah langit pituh subuh ana ning mekah
Ba’da dukha kanjeng nabi medal ning lawang
Nuli abu jahal liwat ngundang-ngundang
Hai Muhammad ana khabar apa bengi mau
Abu jahal nakoni bari geguyu
Kanjeng nabi jawab boten isin-isin
Wau daluh paman kula sing palestina
Ning masjid aqso pirang-pirang para nabi
Kula sholat ning riku kon ngimami
Durung tutug jawabe terus disentak
Hai Muhammad omong ira aja ngamprak
Ngaku dingin omong ira aja sekarat
Kita arep ngumpulaken kabeh rakyat
Supaya omong ira disakseni
Kabar bener apa palsu mau bengi
Mengko rakyat yen wis kumpul sira cerita
Siaraken kabar ira ingkang ceta
Aja kurang aja luwih omong ira
Yen omonge sira pengen dipercaya
Kanjeng nabi jawab mangga paman enggal-enggal
Kula nunggu rakyat ora bakal ditinggal
Abu jahal mider-mider ngundangi rakyat
Lanang wadon kon kabeh pada mangkat
Wis kumpul kabeh wong ning arsane
Kanjeng nabi tambah bungah pikirane
Sebab arep ngelahiraken kewajibane
Rakyat ngandel arep beli ngelakonane
Rakyat ngumpul abu jahal nuli ngongkon
Hai Muhammad ceritakena kabar ira aja alon-alon
Kanjeng nabi berita aken waktu ning palestin
Rakyat rameh surak-surak ngisin-ngisin
Kanjeng nabi tegak tenang terus cerita
Durung tutug ceritane ana sing banta
Wong wadone mencut-mencut ya cangkeme
Edan goroh Muhammad iku omongane
Lanag wadon tingkahe selewa-lewa
Waktu iku abu bakar kan dadi ketua
Abu bakar nuli nahan ning suara
Hai rakyat menenga dingin sementara
Iku nyata Muhammad iku omonge bener
Saking sirane nyatane keblinger
Sepine wong ana wong ngacung tangane
Hai Muhammad jaluk keterangane
Masjid aqso iku pirang kilo iku adoe
Lan lawange lan sakae pira kabehe
Malaikat jibril kebat turun gawa gambar
Kanjeng nabi rakat jawabe rakyate bubar
Rakyat bubar bari ngomong Muhammad duwe sihir
Kanjeng nabi nasehat terus sampe akhir