ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

S Y A H A D A T (1380 H – 1960 M )

Wong kafir kabeh digiring-giring
Marani jahannam golong-golong pada muring
Teka ning jahanam lawange terus dibuka
Malaikat kang jaga lawang nakoni dika
Apa sira ora ketekanan ning utusan
Ingkang bisa nerangaken dawuhe Qur’an
Kafir jawab ning malaikat kang nakoni
Inggih wonten nanging kula beli ngelakoni
Ya saiki siksane Alloh tampanana
Ayu manjing enak blenak rasakna
Kanjeng nabi meriksa neraka terang katon
Ning neraka sing akeh iku wong wadon
Waktu dunya ora syahadat ora sholat
Lan wong wadon kang ora open ning aurat
Ingkang sanga torekot guru maring Alloh
Wajib nglakoni perintah guru maring Alloh
Dilakukaken pengucape awak ira
Sosa duta tun yaya kerja nira
Sholat limang waktu sedina sewengi
Terima kasie badan Alloh kang maringi

Maca syahadat ping telu aja keliwat
Duha tahajud tunjina dadi syarat
Maca ya kafi ya fatah nuli karcis
Nganggo jubah lawon putih ingkang percis
Iku terang torekot syahadat solawat
Dedalane derajat duwur syarif hidayat
Rohe sholat ana nenem kang percaya
Khusyu kudur paham hebat roja kaya
Tegese khusyu ati kulane
Kudur iku ora pegot eling pangerane
Paham ngerti ibadah syah Lan batale
Hebah demen perentah Alloh lan rosule
Roja ngarep-ngarep kita ning kenugrahan
Kaya wirang ngelakoni kasalahan
Bocah santri arep mendi sira nunute
Ngintil rosul ora cocog syare’ate
Ngaku demen kanjeng nabi demen apane
Sembayange ora kaya kanjeng nabi aturane
Kita demen kanjeng nabi Allohurobbi
Terusaken demen maring ali nabi
Syafa’ate kanjeng nabi luwih wani
Ana umate manjing geni digogoni
Sapa wonge manjing guru abah umar
Kudu ngandel ning pitutur aja samar
Jam rolas bengi senen tekane
Wong kang bodo wajib titen ingetane
Sing miturut ning pitutur guru kita
Aja ana tempo nganyang maring kita
Aja mangmang guru iku nggo gandulan
Sebab guru nuntun dalan elintg pangeran
Kanjeng nabi ora deleng ning kandane
Tapi deleng wong kang bisa ngelakonane
Aja kongsi guru kita bendu dika
Yen wis bendu tetepe bakal cilaka
Ayu eling maring Alloh kembuli
Kita nggandul ahli nabi iku wali
Iki jama jaman ayakan
Sing diayak ke islaman
Islam selamet ora hasud ora takabur
‘ ujub riya toma’ kesiben karo batur
Syahadat bandem syetan patang puluh loro
Syetan jungkel nangis ngero-gero
Aduh-aduh wani temen wong syahadat
Kita kalah pasrah boch bade mangkat
Bocah santri ingkang awas lan waspada
Zaman akhir akeh wong enda-enda
Dunya iku kabeh badan
Ngurus ati kelawan iman
Demen dunya sira nganggur
Bukti mengko balik kubur
Eling Alloh kang sempurna
Ora bisa akalana
Kita eling maring alloh ora liyan
Banget larang kaya regane berlian
Bisa eling sebab ngaji
Demen Alloh ayu diuji
Alloh rosul kang minteri
Kabeh amal kang beneri
Kita urip kang manglingi
Alloh rosul den elingi
Eling Alloh ayu mikir
Supaya selamet mengko akhir
Untung sira ngaji syahadat
Bukah ati terus ma’rifat
Kayu koyum diwaca terus
Waktu lara sampe waras
Syhadat tauhid isikna
Syahadat rosul lakonana
Ngaji syahadat aja telat
Yen wis waktu gage mangkat
Mumpung ilmu pada timbul
Balik ngaji sira mikul
Timbulane wali kang sanga
Iman islam cuan lunga
Ma’rifat islam ngurus badan
Ngerusak amal keriyaan
Duwe badan dibagusi
Gerenjet ati di ikhlasi
Aja pada ngku pinter kudu watir
Ora eling karo Alloh tetep kafir
Jaluk wuruk ning guru ilmu syare’at
Cukula dewek pengen duwe ilmu hakekat
Ayu batur kita bebalik pikire
Elinga mati embuh esuk embuh sore
Ayu batur ngerongokna pengajian
Aja kongsi kita dadi wong kafiran
Wong kang munafik menenge ning tengah-tengah
Mukmin beli kafir beli bloli genah
Aja kesela waktu maca ning syahadat
Apa maning lagi waktune sekarat
Ayu manut nuhun syafa’at ning nabine
Perkara wolu nuhun saged ngelakonane
Aja kongsi eling ira waktu lara
Mengko blai nemu susah awak ira
Anak putu Adam duwe pertanggunmgan
Tanggungane manut rosul eling pangeran
Iblis nanggung dadi intipe neraka
Tapi jaluk bancik goda umat dika
Satoh hewan nanggung bantu ning menusa
Kang ora eling satoh hewan jaluk niksa
Aja enak sira nyandang lan mangan
Syukurana direjekeni sing pangeran
Iki jaman nyata welan sampun ganti
Gage eling pahama gawane mati
Ora nana wong kang khusyu sembayange
Sebab tua jaluk wuruk ning gurune
Tetengere dina kiamat ya mencorong
Dipun pilih ing kanjeng nabi golong-golong
Ayu sholat ampel gading berjam’ah
Dedonga bareng karo batur kelawan bungah
Aja ngaku sugih pinter urip dewek
Yen ngakua pinter dewek ya munafik
Kita urip ning dunya duwea wirang
Gusti Alloh nuruni ayat  pirang-pirang