ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

Masalah Jasmani Manusia

Isi Manusia
Waktu diisi mata cangkem bisu mata merem
Ning tahajud sorban jubah ora gelem
Bagus-baguse menusa bersih atine
Lan tumandang ing perentah kabeh badane
Ora gampang jaluk selamet dunya akherat
Yen gusti nabi boten paring ning syafa’at
Gusti nabi ora bakal nyafa’ati
Selagine ning keridhon ora gulati
Ora bakal gusti Alloh ngeridhoni
Selagine kabeh cegah dilakoni
Ora bakal gusti Alloh ya ngeridhoni
Selagine kabeh amal mong ngelakoni

Ati sujud ning Alloh manut rosule
Kira ngisi badane yen parek ajale
Aja kongsi getune selawas-lawas
Wong kang mati yakin iman ora tiwas
1.2. Hake Manusia
Pengen mukmin beresana hakkul adam
Senjatane ilmu amal ma’rifat islam
Pengen mukmin beresana hakkul Alloh
Iman tauhid muji syukur maring Alloh
Pengen sekepel ya pikiren ning asale
Apa haram Apa riba yaa olihe
Yen Wis terang aja buru-buru mangan
Mujiya syukur rizki saking pangeran
Dadi tambah vitamine kemelaratan
Gelaraken bagus wong kang eling pangeran
Ora beres vitamine kemelaratan
Gerakan ala seneng-seneng dadi syaitan
Insan kamil tata tertib sopan santun
Ora eling maring Alloh bakal getun
Kanjeng nabi ora deleng ning kandane
Tapi deleng wong kang bisa ngelakonane
Janji Manusia
Den percaya agamane gelaraken
Pada sungkan ora kiyeng jalanaken
Nampa janji saking Alloh ana wolu
Sira nanggung jabang bayi nui metu
Islam selamet ora hausd lan takabur
Ujub riya toma’ kesimben karo batur
Hijrah ngalih pikir aja ngeling-ngeling dunya
Eling Alloh rosululloh tetep mulya
Jihad merangi hawa nafsu aja salah
Lakua hak aja bathil aja kalah
Sodakoha jabur pangan lamun luwih
Yen sodakoh sira hajat aja nagih
Puasaha ing romadhon kudu eling
Nutup bolongan ati dadi bening
Amar ma’ruf perentah bagus lakonana
Manut rosul cuwan pegot gandulana
Nahi munkar nyegah ala kudu wani
Endi kang salah endi kang bener kita eloni
Sholat limang waktu sedina sewengi
Terima kasihe badan Alloh kang maringi
Kang ngelakoni gusti Alloh kang ngasihi
Dunya akherat bagja untung den bagihi
MASALAH ROHANI MANUSIA
2.1 Ati Yakin
(Hari selasa tgl 22 Muharram 1379 H / 1959 M)
Embah kuncung ngontroli ora ketenger
Sebab sira atine masih keder
Pengen ningali matane dikongkon melek
Ora percaya qodrot irodat ya munafik
Karcis dibuka yaiku inna fatakhna
Telung ewu punjul telu lakonana
Satu minggu kudu pol ngelakonane
Yen Wis pol lan kudu marek ning gurune
Puasane telung dina ya jamane
Selasa rebo kamis marek ning gurune
Kabeh santri dibuka iku payunge
Kang ora nurut bakal melarat akherate
Hasanudin raden fatah ya saksine
Kang ora nurut ora diaku umate
Inna fatakhna diwaca seakhire
Aja kongsi diwaca tungtunge bae
Ayu santri kabeh bareng pada ujian
Wis ditimbang ya zamane telung wulan
Aja rupek aja ropat ya badane
Niat bakhti kudu ikhlas ya atine
Wis jamane iki jaman keburu-buru
Cuwan mangmang cuwan keder cuwan keliru
Titenana kabeh santri ya cahyane
Ayu melek aja merem mata atine
Titenana kanjeng nabi selirene
Janggut putih sirah butak ya tandane
Ngurus umat otot kenceng sikil pegel
Aja kongsi tahun sewidak gulune tugel
Niatana lunga ngaji ingkang prigel
Aja enggak aja riya pengen diandel
Ules kepengen diandel kanjeng nabi
Malaikat nakseni kang nerima kanjeng nabi
Wasiate embah kuncung ora salah
Buangana enggak ira aja goplah
Wis waktune embah kincung ngelilingi
gawa sapu nganggowa selendang pelangi
suraana sing sumbeh keling
buru-buru umat islam pada eling
Embah kuncung nganggone prabu siliwangi
Supaya umat islam mambu wangi
Laku sidiq ya badane bagusana
Aurad ati salim bagen ngantuk lakonana
2.2. Ati kufur
(Hari selasa tgl 25 Romadhon 1379 / 1959 M)
Weruhana ati kafir patang werna
Ati badan saban dina beresana
Ati atos ngaku gagah ngaku wani
Ngaku pinter ngaku bener nyilakani
Kaya fir’on ati atos dadi engkeg
Tempo perang kesaktine dadi lembek
Ati kaku pada ngandel ning pangeran
Ngaku pinter luwih mulya duwe badan
Kaya iblis emong tunduk sepepadan
Maring makhluk kang diridoni pengeran
Ati lemes pada ngandel ning pangeran
Bagusaken ning pituture pangeran
Kaya abi dholim iku ya atine
Tapi dewek emong sungkan ngelakonane
Ati encer ya semangat ngelakonane
Padu bukti seneng urip ning dunyane
Ya munafik ati madep ning dunyane
Yen ora tembus maring Alloh pikirane
Ati kafir ya kebelet maring najis
Ya sertune hewan syahadat aja uwis
Terus melayu syeton deleng nur Muhammad
Yen ngertia iki jaman ganti abad
Abad awal gusti syarif gunung jati
Abad akhir gusti syarif kembang melati
Tamu gawa berkat karomah Lan kemulyaan
Sira ngandel hormatana kang temenan
Hormatena dodokena ning kursi gading
Yen ngormati ati nira dadi bening
Weruhana santrine syarif hidayat
Dadi wali sebab ngaji ning syahadat
Apa maning iki jaman sampung rupek
Syetan teka musuh ira bakal desek
Arep pada melayu-melayu mengendi
Ngalor ngidul ngetan ngulon ning syeh hadi
Alloh Alloh syekhuna khalifah rosul
Nuhun selamet lan diraksa gage gandul
2.3. Mangan haram
Sifat mukmin luwih kejem ning imane
Bagen kelanti tinimbang haram mangane
Kabeh pangan dimasak telung bagian
Dadi telapang dadi getih banyu puan
Ora kanggo banyu puan kedadian
Dadi sungsum kekuatan badan
Yen pangane barang halal kuat to’at
Yen pangane barang haram kuat maksiat
Senjatane syare’at kelawan bukti
Duwe akal gage mikir gawan mati
Qodariyah jabariyah tumibana
Sebab ora gelem mikir pikirana
2.4. Eling Alloh
(Hari Selasa tgl 3 Robiul Akhir 1379 H / 1959 M)
Ayu batur dirobah kita pikire
Eling Alloh kang akeh muji dzikire
Nuhun-nuhun huda rokhmat sing pangeran
Manut syekhuna aja ngumbar kegagahan
Kabeh pasti gusti Alloh kang dadekaken
Wajib milih gusti Alloh ngridoaken
Ora milih gusti Alloh nyasaraken
Ora milih pituduh kang nyelametaken
Eman temen sira urip ning dunyane
Dadi karo dunya akherat langka sangue
Kabeh nasib ora weruh ning katoge
Kari manut eling Alloh setutuge
Kari kerja awan bengi munajat
Dedongane eling Alloh aja keliwat
Kang ngelakoni olih bagja dunya akherat
Sebab kerja ora tinggal ning syahadat
2.5. Takabur
( Hari selasa tgl 12 Robiul Awal !379 H / 1959 M )
Gusti Alloh ngeluhuraken maring derajat
Yen ngaweruhi pegawean dunya akherat
Kita nerima duwe badan sing pangeran
Luwih ridho ngelakokaken kabeh badan
Kudu loman duwe badan sing pangeran
Aja emong aja sungkan ning pegawean
Eling badan aja duwur deleng sor
Aja takabur bagen nyelondo luwih asar
Ya watire ning batur sira dunyane
Watir badan bagen blolih pangapurane
2.6. Munafik
Ya menusa kabeh bae ana nafsune
Tapi manut eling Alloh agamane
Iku nyata wong kang olih keridoan
Dunya akerat den cawisi ganjaran
Alamat wong munafik iku telu
Bobad omonge kiyeng ngomong kang ora perlu
Den percaya maring batur ngumpetaken
Rupa duwit jabur mangan nyenengaken
3. HUBUNGAN MENUSA KARO HUKUM ALLOH
3.1. Hukum
Hukum iku ana pitu kang ketingal
Wajib haram Sunnah makruh wenang syah batal
Pulitiken tingkah ngucap penggawene
Terus dipasang karo hukum pikirane
Akal sandangan nur hidayat sing pangeran
Ora nyandang moril bejad dadi edan
Edan tingkah pengucape penggawane
Sebab ora eling Alloh kelakuane
Bukti nyata iki jaman sampun karem
Alloh rosul perentah umat ora gelem
Banjir to’at lan maksiat ingkang awas
Yen menusa berpikir kang luwih cerdas
Ora paham ning syahadat ati buta
Bakal kaya wong mati berjuta-juta
Ingetaken tahun sewidak bakal bukti
Sebabe ning syahadat ora ngulati
3.2. Kepengen Mukmin
( Hari selasa tgl 26 robiul Awal 1379 H / 1959 M )
Pengen mukmin aja ngunek-ngunek atine
Kudu sabar nerima ikhlas atine
Aja pada gawe tingkah selewa-lewa
Yen ora cocog kelakuane banget ala
Ya pikiren kita nandur pengen uwohe
Ora uwoh ora nana ya ngunduhe
Kudu terang lan waspada aturane
Bagen sholat haji blolih ganjarane
Eling Alloh aja pada diibur-ibur
Tiwa ngamal barang entong pada kabur
Manut Alloh rosulullah kelakuane
Nyuwun selamet sing dunya sampe matine
Ngaku demen ning agama pada goro
Bukti nyata ibadahe mung separo
Badan madep maring kliblat ya takbiran
Ati ngamprak ibadahe pepatongan
Yen sodaqoh wong sugih diundang hajatan
Tapi pekir kang miskin keliwatan
Wong sugih mangan pangane wong miskin
Bukti nyata ngutangi balik roh dacin
Wong miskin ora nana ning sabare
Mikir mangan dodok awan esuk sore
Mangkat ngaji sembayange nggo pameran
Ya buktine luru rasa pepajangan
Kang pintera ngereribut ning pengaturan
Tapi bukti ora nana keuntungan
Guru ngatur ning murid kang ridho-ridho
Supaya cukul nerima nafsu kendo
Bisa ngaji kasab bakti ning pangeran
Ahli Sunah waljama’ah nggo patokan
Tujuane pengen sugih dunya akherat
Bukti embah kuncung gelar ning syahadat
Ayu santri sodaqoh kang ridho-ridho
Aja gelem ning paksaan kang bebodo
Iki jaman kewalike kamajuan
Salah paham dadi pada berantakan
Tapi sabar aja bosen jaluk tulung
Nabi wali malaikat beber payung
Alloh Alloh Alloh Alloh yaa rosululloh
Nuhun saged bela agamane Alloh
Arti lepet gawa amal ingkang cepet
Supaya dunya akherat bisa selamet
Tantang angin aja nentang pitutur dingin
Ora ngandel susah payah lan priyatin
3.3. Kepengen Muslim
( Hari Selasa tgl 11 Robiul Akhir 1379 H / 1959 M )
Luru iman kang sewiji ning atine
Pengen Islam ya hukumane ya badane
Misah dunya aja ditaroh ning ati
Kabeh hukum aja ngambang sampe mati
Ibadah aja nggo ngulati dunya
Bukti nyata bareng takbir eling pekaya
Ayu dipisah jasmanine rohanine
Dewek-dewek kongkon napak kerjaane
Jasmanine hukumane ning tingkahe
Napakkaken ning wajib karo Sunnahe
Ayu batur dirobah gagiyan bukti
Rohanine madep Alloh pecah mati
Ngaku islam tapi gelem adu-adu
Atos atine durung maca ning asyhadu
Elingana umat islam sedulure
Elingana mati esuk embuh sore
Bakal bagja iman islam lan ilmune
Yen napake dhohir bathin kelakuane
Hadirna ati bergeraka kang sewiji
Yen kepengen dadi umat kanjeng nabi
Ya buntela syahadat iku akal
Bloli ngapura yen pikire banget nakal
Yen menusa gemuke mateni nafsu
Supaya aja duwe titel ’ulama usu’
Watir beli sira manut ning rosule
Yen kuatir tentu awas ning amale
Sabar ikhlas ridho nerima lan syukuran
Terus napak pertandane eling pangeran
( Hari Selasa tgl 11 Romadhon 1379 H / 1959 M )
Iki Jaman terang welan pembalikan
Pengen selamet tetepana pegawaian
Sejen tempat sejen negarane
Ana bedane Islam kafir menggawene
Yen wong Islam mesti manggon tanah suci
Yen wong kafir mesti manggon tanah keji
Islam kafir semanget ngerebut keraton
Ya rebutan derepan bisahe manggon
Yen wong Islam iku nenem penggawene
Wajib buang sira kabeh ning dosane
Hasud takabur ‘ujub riya ya toma’e
Ya kesiben aja cukul ning atine
Lamun cukul dadi patang puluh loro
Terus gerambyang godonge royo-royo
Angel bongkare sebab cukul jero keraton
Ora dibongkar eling Alloh ora manggon
Meronggol pange maca syahadat sepisan
Maca pindo terus tugel ning wiwitan
Ping telune terus bongkar ning tunggake
Dadi wedi keraton ora ana rusake
Terus mukmin sebab ana penggawene
Ganti tanduran gelem nandur agamane
Awas penyakite ngarep-ngarep dunyane
Ya munafik ora gelem megat nafsune
3.4. Dalan
Adolen badane kang dadi ridhone
Banget angel luru maring dedalane
Dalan sing cangkem wis jengak keriyaane
Dala sing cungur wis jengak ke’ujubane
Dalan sing mata wis jengak kehasudane
Dala sing kuping wis jengak ketagawurane
Dalan sing tangan wis jengak ketoma’ane
Dalan sing sikil wis jengak kesimbanane
Dalan sing tenaga pisan kala amal kemungkaran
Endi dalan sing keparek karo pangeran
Dadi mukmin akal waras ati suci
Syahadat sholat ora dibenci
Alloh Alloh syekhuna kholifah rosul
Bareng jaluk ning syeh hadi aja ucul
(Hari selasa tgl 17 Romadhon 1379 h / 1959 M )
Iki jaman pari peluk terang nyata
Nggo nyontohi ibadahe ora nyata
Tunggal ibadahe tunggal setahun
Batur ngisi kita beli banget getun
Aduh awak uripe mendi nunute
Kira ngisi eling Alloh syahadate
Pari megar wis parek mangsa maneni
Bareng deleng pada diluk beli diiseni
3.5.  Perkara Papat
( hari selasa tgl 19 Robiul Awal 1379 H / 1959 M )
Yen kepengen duwe balong sodakoh kupat
Kabeh murid aja ana kang keliwat
Balong iku akeh pisan ning iwake
Yen duweha nyugihaken ning awake
Embok bapa turun pitu olih adus
Kabeh awak bagen ala tetep bagus
Aran balong iku batur ya syahadat
Gelem numbruk pasti selamet dunya akherat
Aran kupat kang kukuh perkara papat
Syare’at torekot hakekat ma’rifat
Aja bae disanggah ayem-ayem
Alloh merentah rosul merentah kekebatan
Kabeh murid kabeh bae kang balapan
Aja gelem diadangi maring syetan
Aran iwak kabeh dunya kemilikan
Sander mikir tinggal sabar lan syukuran
Arti banyu awas batur cuwan Asat
Eling Alloh ingkang mikih aja telat
3.6. Wakil Alloh
Beda karo wong kang melas ning kerjaane
Gusti Alloh Bayar ora nana ning dalan
Yen sugiha wakil Alloh ya arane
Yen kepengen buang papat kelakuane
Mateni wong zina nyolong haram riba
Gage maju hukum Alloh ya diamba
Kang ati-ati ngelakoni keislaman
Aja pada ngeluh ngresula kengelan
Iku syarat dadi sebab kekuatan
Dunya akherat ora nana kemelaratan
Kudu weruh patokan hadist lan Qur’an
Yen ora weruh gampangan ditipu syetan
Aja gerek ngaku pinter kudu watir
Ora manut Alloh rosul dadi kafir
Mikir-mikir banget watir melebu kubur
Aran bengi mikir sangu ora nganggur
3.7. Bersih Dhohir bathin
( Hari Selasa tgl 16 Jumadil Awal 1379 H / 1959 M )
Ayu santri pegaten laku alane
Lakonana kebersihan dhohir bathine
Den turuni saking langit banyu udan
Derapen bersih kotoran kabeh badan
Banyu sumber sumbere banget cilaka
Nyucikaken ati kang banget musyrike
Kebersihan werna loro ning jumlahe
Badan ati tumiba wajib Sunnahe
Ora tumiba wajib misah hukum najis
Sebab nyata badan kerendeman Iblis
Syahadataken cangkem ati lan pikiran
Kira nyumber aja pegat muji dzikiran
Ya sholat limang waktu nggo jajaran
Ya nyatune kang angger eling pangeran
Pengen waras laku hak ngadohi bathil
Iku mukmin dunya akherat ora batal
Ora hak laku bathil iku syetan
Bagen santri atawa kiyai dadi jaran
Urip ira pengen mukmin kudu awas
Gawe amal awan bengi mumpung waras
Den cawisi wong kang mukmin panggonane
Luwih lega ning suwarga lan  jembare
Dawuh Gandasari
( Hari Selasa tgl 3 Kapit 1379 H / 1959 M )
Nyi Gandasari ngejake kedanan tajug
Kang ora gelem mareki yabakale ya dicucug
Gandasari ngopeni murid ngaji syahadat
Telung ambalan aja liren aja telat
Gage teka aja kongsi ketinggalan
Pembukaan syahadat penghabisan
Ning syahadat gage gawur rerebutan
Duwe syahadat ora bakal kegawa syetan
Gandasari ngopeni umat wani blenger
Watir pisa ning umate bokat keder
Alkhamdulillah umat nemu syahadat
Tapi sayang durung manjing syahadat
Gandasari jaluk adus lenga wangi
Jalukane ning santrine tangi bengi
Ngaji syahadat bakal akeh penggodane
Kang ati-ati aja picek mata atine
Gandasari jaluk nginum banyu sumur
Eling Alloh rosul Iblis lebur ajur
Aja enak-enak sira dibentengi
Wong syahadat kelakuane tangi bengi
Pikir putek mikiri dunya ora nana
Kurang amal akherate dadi hina
Kuping mata cangkem gage dipasang
Mumpung urip mati aja mangmang
Toma’ riya hasud penyakit rohani
Kebodohan gelem amal disudani
3.8 Syetan Serandil
ya keserang maring serandil permulaan
Laler pitek ula kelabang kepenclokan
Tapi selamet wong kang duwe ati salim
Wis kelebu golongane wong kang mukmin
Embah kuwu ningali ning golok cabang
Yen babade dunya akherat tetep menang
Golok cabang ngedadian dadi serandil
Bedil ilang ngedadian dadi serandil
Tinggalana mas Gandasari ya tenunan
Nemu syahadat iku tahun penghabisan
Pengajian wis tutg ganti wulangan
Beresana kabeh batur kabeh badan
LINGKUNGAN
( HARI Selasa tgl 9 Syawal 1379 H / 1959 M )
Gawe umah kudu kuat pendamene
Gawe Pendamen kudu kuat galiane
Ya galian tahan adem hawa panas
Waktu rendeng lan ketiga banget panas
Umah ibarate sholat limang waktu
Pedomane syahadat kang nomer Satu
Ya galian sabar tawakal pasrah Alloh
Ya dasare wong syahadat aja salah
Salah mangan barang sekepel sepulukan
Kanggo ibadah nyuwungaken nin ganjaran
Salah nyandang barang haram rega setalen
Dikon sujud maring Alloh maksa kelalen