ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

TOREKOT SYAHADAT (1378 H / 1958 M) 1

Manfaat Syahadat
(Hari Selasa tgl 12 jumadil Akhir 1378 H / 1958 M)
Banget larange sorban salim
Gage jaluk yen kepengen dadi mukmin
Asorna duwe badan aja diri
Gage ngaji syahadat loro bokan kari
Tanda asore kudu nerima dituturi
Pembukaan syahadat kang dateng kari
Alloh nulung nyelametaken maring badan
Sebab ngalap syahadat kang penghabisan

Waktu urip waktu naza pepisahan
Sebab guru dadi saksi pembelaan
Waktu sing umah maca syahadat
Niat gelar agama Islam ingkang kuat
Terus maca idzajaa setutuge
Maca tasbikh Lan istighfar setutuge
Aja lali sira maca terus-terusan
Malaikat pada ngawal bebarisan
Lamun lali sira maca kalimahe
Syetan ngawal penuh baris ing umahe
Iki jaman panas berat luwih panas
Gage tauhid kang musyrike bakal tiwas
Sebab bodo uripe langka pikire
Luruh dunya awan bengi meleter-meletere
Tempo mati dunya kabeh ya ditinggal
Tekang kubur jerat jerit jaluk amal
Awak bodo bareng-bareng ngulatane
Laku badan kang apik jero atine
Luwih merem kebujuk maring dunyane
Ngaku pinter uripe langka benere
Sapa wonge ngestokaken Alloh rosul
Tekad lampah pengucape manut rasul
Ya kegolong kejumlah wong olih ni’mat
Para nabi para wali wong solihah
Wong kang gelem ngeluhuraken agamane
Yakin bagus waktu urip Lan matine
Senajan panas ora kerasa ning panase
Alloh paring anti panas Lan susahe
Alamate olih fadole pangeran
Lara Susah seneng ora keributan
Bagja temen wong kang manut gusti rosul
Dohir bathin dosane pada ucul
Gelem lunga ngaji terus wudlu nunggu waktu
Diampura dosane pada metu
Yen kepengen disakseni malaikat
Berjama’ah subuh ashar pada mangkat
Malaikat nikelaken kawulane
Nuhunaken ning Alloh pangapurane
Jasmanine yen lara njaluk ditambani
Rohanine yen lara jaluk dijampeni
Durung subuh maca ya hayyu sepragate
Patang pulu papat dadi obate
1.2. Percaya Guru
( hari selasa tgl 22 Robiul Akhir 1378 H / 1958 M )
Ayu ngaji bareng-bareng ning syekhuna
Barang telu kabeh batur weruhana
Pahamna syahadat loro maring ati
Kira-kira aja luntur sampe mati
Awan bengi ayu jaluk kang temenan
Nuhun tetep nur Muhammad kang temenan
Asorna kabeh badan ning sepepadan
Njalanaken kabeh hukume pengeran
( Hari kamis tgl 5 robiul akhir 1378 H / 1958 M )
( Hari kamis tgl 5 robiul akhir 1378 H / 1958 M )
Ayu batur kang percaya maring guru
Ya syahadat iku tobat buru-buru
Syetan teka ruipa badan kang banjiri
Terangna syahadat loro ingkng sirri
Ayu batur ingkang terang lan waspada
Aja kongsi syetan marek arep goda
Sira terang ing syahadat ingkang sirri
Iman islam sampai mati aja kari
Oranana wong kang kuat ning ibadah
Anging kelawan pitulunge Alloh ta’ala
Aja ngaku obah meneng bisa dewek
Ngaku bisa obah meneng ya munafik
Wis mati badan kita hakekote
Tapi gelem cocok kelawan Syare’ate
Yen sira pada ngaku dadi wong mati
Kudu eling nurut perintah kang sejati
Awak kula asal langka dadi ana
Kang kuatir gage nggandul ning syekhuna
Manusia kumpul arah makhsyar diperiksane
Amal solekh limang waktu diridhone
Yen sembahyang sholate eling barange
Manjing neraka terus jungkel ning jerone
Ayu ditambah sholat Sunnah kelakuane
Obah meneng Eling Alloh pikirane
Manut Guru
( hari Selasa tgl 11 Sa’ban 1378 H / 1958 M )
Alkhasan summal khusain
Ngopeni ati ingkang open
Mata ati gage melek
Supaya aja munafek
Sira dunya kon gocekan
Manut guru pengaturan
Nganmbah dalan kenikmatan
Obah meneng eling pangeran
Gage tambah ibadahe
Ning dunya sira pasrahe
Amal soleh kang balapan
Ora gawa kemelaratan
Laku Sunnah kang tawakal
Lumayanan kanggo tambal
Wajib kurang lan sabare
Mbesuk landrat ning maksyare
Tingalana awak bodoh
Ora deken syahadat loro
Kanggo ngupas jaba jero
Nguripaken badan karo
Meleka ati Pinter nyolong
Dodok bareng ora lorong
Kanjeng nabi den hormati
Dunya akherat manfa’ati
( Hari Selasa tgl 15 Sa’ban 1378 H / 1958 M )
Duwe mata ayu batur tingalana
Awak bodo ayu manut ning syekhuna
Awak bodo ingkang wekel ngelingane
Gage batur kang wekel tangi bengine
Awak bodo ora duwe apa-apa
Pengen Pinter Qur’an hadist ya ngalapa
Ngaku Pinter tentu ngerti Qur’an hadist
Ora manut Qur’an hadist iku Iblis
Jaman akhir pinter-pinter omongane
Tapi ora gelem aman ning badane
Tanda aman cangkem ati Lan badane
Gelem pasrah nurut perintah agamane
Percekcokan badan ati tujuane
Nyata pisan durung sidik ning ilmune
Ayu batur dangdanana kang temenan
Ati rusak pikirna eling pangeran
Syare’ate hakekote kita subur
Wajib Sunnah lakonana aja nganggur
Waktu sepi ana kang diarep-arep
Waktu rame gelem tuku kang sekarep
Ora eling Alloh rosul ning dunyane
Ya disiksa awit dunya kuburane
Wongkang mukmin kudu ana ning buktine
Tanda bukti manut eling ning gurune
Mikir wajib lan Sunnahe luwih awas
Ora ketipu ning dunyane mikir beras
Santri kiyai ngakune dadi ulama
Wajib Sunnah lan sabare ora terima
Ana geger sanpai entong masih melarat
Ora takon tabarukan ning syahadat
Urip tua ora ngisi sira elinge
Ngerebut pangkat mikir dunya lan barange
Buru-buru gage luruh ning panutan
Aja ngejar hawa nafsu dadi syetan
Iki jaman wis ngumpak jaya gedekan
Kang menangi mepet nafsu eling pangeran
Kang delenge barang weruh luwih seneng
Manjing hak syare’ate dadi temen
Tawasulan
Ingeta batur wulan rajab wis dibuka
Puasaa yen badane emong cilaka
Weruhana kidul gunung lor segara
Mumpung dunya luruh mulya mong sengsara
Yen puasa jaluk selamet anak putu
Telung dina kanggo awak anak putu
Musryik nifak fasak toma’ ning badane
Fajir dolim buangana ing atine
Tetepana dukha tahajud sholat hajat
Pengen sugih selamet dunya akherat
Yen pengen mangan sira kudu kasab
Gage eling ning maksyar bakal dihisab
Bareng-bareng anak rabi bebaturan
Mugi selamet dunya akherat lan kuburan
Keselametan mumpung dunya ya jaluka
Aja kongsi ning akherat nyemplung neraka
Kita urip wajib muji Llan syukuran
Suci dhohir bathin peparing pangeran
( Malam Kamis tgl 2 jumadil Akhir 1378 H / 1958 M )
Saiki musuh wis kepung riung
Arep mendi sira bakal jaluk tulung
Sing kidul baris balane lodaya
Arep nyerang ning wong kang gawe kaniyaya
Sing kulon baris balane mbah kuro
Arep nyerang wong kang ora jaluk pangapura
Sing lor baris balane mas gandasari
Nyerang wong kang ora duwe syahadat sirri
Sing wetan baris balane mbah roga
Nyerang wong kang ora ngadel ning suwarga
Berjama’ah jalukena balane embah roga
Lanang wadon bersatu supaya siaga
Sholat ngaji terus donga kang bersatu
Dhohir bathin yen uripa dadi jitu
Ati salim jalukena nyi lodaya
Gage dikerja yen uripe dadi mulya
Ati suci jalukena mas Gandasari
Gage dilatih badane bokatan kari
Hasud toma’ ’ujub riya lan takabur
Mungkar kesimben gagian cepet digempur
Semono akehe alat senjatane
Ngusir musuh kang ana jero atine
Sedurunge nyerang sira ya hubungan
Karo syahadat loro macae eling pangeran
Laku Sunnah jalukena mbah kuro
Lakonana yen kepengen dadi perwira
Urip badan urip ati serba wani
Dunya akherat ora bakal nyilakani
Angkat bondan cideng terus kali jati
Mangkat dandan wis sedenge akeh wong mati
Aduh rakyat pada mabok pada mendem
Dikon urip sira iku ora gelem
Gage geregah badan ati lan pikire
Dadi cadangan mimpin batur anggotane
Yen pemimpin ilmu umum ilmu agama
Qur’an hadist syahadat loro akal nerima
Akal eling weruh kabeh ning patokan
Ikhlas iku dadi dalan ridho pangeran
Sikil napak ning dalan kang jejeg bener
Kelakuane manut rosul ingkang angger
Ati suci terus jujr ning tujuane
Adil aman subur makmur kelakuane
Amin-amin ya Alloh robbul ‘alamin
Mugi selamet sedayane tiang mukmin
Awit cilik luruh dunya langka kumpule
Lawas jamane dunyane langka jejege
Awit cilik sampai tua langka elinge
Iku nyata wongkang tuliyan kumprune
( Malam Sabtu tgl 11 dzulhijjah 1378 H / 1958 M )
Kawitane mulang embah kuncung rolase
Pitung tahun sampun tutug ning watese
Buru-buru kabeh batur beresana
Ati sabar buru-buru terapena
Saban mulang kang dienggo tawasulan
Nuhun-nuhun saged ngaji eling pangeran
Terang badan urip dunya nggo mekaya
Tinggal wajib akherat kesia-sia
Laku haram murtad musyrik ingtikode
Ning syahadat aja pada ngande-ngande
Ya ngerasaa atine di padangena
Kang gelem nurut aturan syekhuna
Ora gelem diurus bakale lolong
Wakil bagi bonggan sira pada lolong
Yen kepengen nemoni mas gandasari
Ya manjinga kabeh santri ning syeh hadi
Terus edan kabeh santrine syekhuna
Banda nipu sebab gelem ngelanggengena
Eling Alloh kang untung murid syekhuna
Dukha tahajud sorban jubah langgengena
Sun tawasul ing kabeh pengen diterima
Aduh gusti pangeran mugia nerima
Sebab nyata tawasul dadi kuncine
Sira nyembah malaikat wali nabine
Jaluk gandul lengawangi tutup putih
Maring umat gage-gage kudu bukti
Gage gandul perintah Alloh perintah rosul
Aja lunga sampai mati cuwan ucul
Gage tangi tengah wengi sholat tahajud
Den paringi panjaluke wongkang sujud
Ya nganggoa sorban putih jubah putih
Kabeh bala dunya akherat dadi nisih
Bagus-baguse umat sabar lan tawakal
Gelaraken ning syahadat ora gagal
Aja urip nutugi kesenengane
Kang diperintah sulaya kabeh gelakonane
Dadi welan kita urip ning dlolime
Laku badan nyulayani ning hukume
Ibarate kaya manuk ning kurungan
Den cukupi mangan nginum ning majikan
Manuk kurungan ora nana ingkang nepel
Ora den candak bagen parek ya kecawel
Beda karo manuk mabur separan-paran
Den ulati sebab ora duwe majikan
( Hari Selasa tgl 25 dzulqoidah 1378 H / 1958 M )
Ganti wulang syekh ’arobi sampuniki
Aja kaget bakal akeh wong diwuruki
Wasiate syekh ’arobi ning santrine
Ya panggebug wis numpak iki jamane
Poma santri aja turu sore-sore
Maca kursi yaasin solawat obore
Ya aturen kabeh murid tawasulan
Tapi aja maksa ngurus ning jaburan
Peparinge gusti Alloh ingkang nerima
Tapi poma aja tinggal syarat agama
Ngaji bakhti ya kasabe saban dina
Duwe ilmu diparingi iftakh lana
Karepe nafsu ning pekaya luwih solot
Tapi cuan amal akherat pada alot
Kubur iku mata ati ya nyatane
Yen nerima madangaken ning kuburane
Duwe ati aja pada dugal degel
Ibadahe dedongahe orapada diandel
Tujuane wongkang urip werna loro
Yen kepengen bukanen syahadat loro
Syukuranana urip dadi kaulane Alloh
Syukuranana badan dadi umate rosululloh
Sabar tawakal ikhlas ridho ning atine
Gelaraken perintah rosul ning badane
Eling Alloh aja pada selewa-lewa
Ingkang khusyu lan batur dadi kegawa
Dangdanana ngurus badan dewek-dewekan
Cuan ngamprak tingkah badan kemusyrikan
Kudu sabar kita bodoh lagi belajar
Aja pada wani-wani gegantar
Nuhun syafa’at wong kang wis mati
Perintah cegah supaya katon ning ati
Laku badan kudu ana wates-watese
Usum pegebug iki bakal seteruse
Ayu batur kudu nerima ning awake
Ora nerima badan yakin ning rusake
Ayu batur awak bodoh edengena
Aja hasud kabeh muride syekhuna
Awak bodo ayu batur aja nerima
Gage sinau gelaraken ning agama
Badan waras gelarna iman islam
Ya pengaji lamun weruh sampai paham
UBUDIYAH
Syarat Ibadah
( Hari senen tgl 7 Jumadil Akhir 1378 H / 1958 M )
Ati suci nguasani kabeh badan
Ya syahadat madangaken ning pikiran
Kita bodoh akuwen kebodohane
Terus manut miturut pitutur gurune
Syarat ibadah iku werna loro
Suci ati dhohir bathin  jaba jero
Cukul dewek niat dewek ning atine
Niat atine cukul gawe kebagusan
Weruhana udan iku werna loro
Udan banyu hudan rakhmat syahadat loro
Udan banyu nggo nyuceni jasmanine
Hudan rakhmat nggo nuceni rohanine
Wongkang takwa keudanan hudan rakhmat
Dadi seneng sugie dunya akherat
Aran takwa pertimbangan ingkang nyata
Luruh dunya lan akherat sama rata
Waktu nimbang cejantunge kudu teras
Kasab dunya lang akherat aja malas
Aran teres badan obah lan menenge
Saking qodrot irodat Alloh ya elinge
Nandur kapas belajar nganti lan nenune
Ya jahite wajib ajar ning gurune
Gawa wajib sempunane kelawan wajib
Sholat nutup ‘aurat iku kabeh wajib
Barang wajib-wajib kasab ning awite
Bisa kuat yen cukup sira syarate
Mata ati kang awas olihe gandul
Akal bejad tekad salah dadi bedul
Tanda bukti pengen mangan mong molah
Awan turu bengi ngamprak nyata salah
Gage ngalap dunya ira maring rosul
Puasaa telung dina aja ucul
Saban-saban minggu iku telung dina
Awit selasa rabu kamis lakunana
Den bukane rizki badan jasmani
Lan dibukane rizki badan rohani
Ya jampine dukha tahajud kalimahe
Asal melarat terus seneng ning sugihe
Anjaga lisan
( Hari Selasa tgl 11 Rajab 1378 H / 1958 M )
Ati sujud maring Alloh kira manggon
Tahun sewidak terus aman manjing keraton
Ayu batur diraksane bebarengan
Aturane syekh ’arobi kerajaan
Engetaken duwe cangkem pengucape
Omong bagus nyelametaken ing uripe
Ati iku sebagian kerajaan
Urusana negarane dewek-dewekan
Ngaku Islam tutupana badan sekujur
Wurukna anak rabi lan sebatur
Ngaku iman badan ati kudu cocok
Eling Alloh turon dodok melaku ngadeg
Sami watir Ngaku dadi wongkang mukmin
Luruh keridhon mumpung urip kang periyatin
Nerima Ning Allah
( Hari Selasa tgl 5 dzulhijjah 1378 H / 1958 M )
Arep mendi badan ira ya nurute
Ngintil rosul kurang cocok Syare’ate
Ngawulane ning Alloh pet ngelingane
Nyata pisan ora dadi ngawulane
Kang wis sugih masih pengen ning sugihe
Langka pisan uripe langka pasrahe
Kang miskin ning kadare langka ridhone
Oranana muji syukur penerimane
Ngaku iman tauhid ilang ora kerasa
Bukti ora ngandel Alloh kang kuasa
Aduh santri kapan bae ya nerimane
Ya uripe pijer ngumbar ning nafsune
Diresayag nguruwag umah ya kengelan
Kang ngersaya repot mikir ning pangane
Ngersayane ngorbanaken tenagane
Nyata welan bareng-Bareng ning dunyane
Iki dasare wong kang alim tujuane
Ikhlas ridho gelaraken agamane
Awas batur bakal akeh peperangan
Saban dina wong kang urip arang-arangan
Sira ora ngandel aja kongsi kitane pegel
Tahun sewidak bakal akeh gulu tugel
Sebab tugel ning syahadat ora ngandel
Nyi mas ayu gandasari sampun tegel
Mata Papat
( Malam Selasa tgl 4 dzulqoidah 1378 H /1958 M )
Gede cilik tua enom jaluk bon
Maring guru ning dunyane kira getun
Ora getun ning gurune bakal kutil
Urip dunya akherat bakal didedel
Gelem bon diparingi mata papat
Luruh dunya lan akherat ya manfa’at
Mata dhohir ngolek dunya pegawaiane
Mata bathin eling Alloh pegawaiane
Ya digjaya wongkang duwe mata papat
Nyugihaken ning dunya sampai akherat
Tapi awas luwih gampang ning patine
Terus mati yen kegebug iringane
Kiwe tengen kudu ana ning abote
Tetep camplang ora pada ning bobote
Wongkang bon kudu bisa ngelakokaken
Ora bisa tetep bakal ngerugikaken
Wong kang bon kudu ana ning boreke
Ngaji syahadat kudu sering ning mareke
Abot kiwe terus jomplang timbangane
Terus lembek akherat kaya kinana
Abot tengen terus jomplang timbangane
Dadi toma’ emong kasab ning dunyane
Bagus-baguse wongkang nyekeli timbangan
Lempengaken jantung lorone timbangan
Ora lempeng terus bacin ning dadane
Sebab bohong eling Alloh ning atine
Bacaan Sholat Sunnah
Gage donga ba’da salam sholat sunnah
Kaping papat sira maca aja salah
Ayu batur bebarengan jaluk sabar
Kira pasrah iman islam aja samar
Nuhun sabar pasrah kula ning cecoban
Kuataken ora ina tambah mulya
Den wacane qobla dzuhur ba’da salam
Kaping pitu derajat luhur iman Islam
Latihan Ngerajeg
Gage tangi sedurunge waktu subuh
Jaluk rezeki lan gepite kira teguh
Kursi inna anjalnahu ya jodone
Ya taline sholat bengi kelakuane
Ya dedegen aja manut ning nafsune
Terus digapit amal soleh ning atine
Kerjanan awit rajab sampai puasa
Gage jejaluk maring Alloh kang kuasa
Nuhun munggah derajat dunya lan akherat
Puasaa bengi sholat lan munajat
Lan badane sodakoa kang utama
Wewehana wong kang ning agama
Yen kepengen sira dadi wongkang mukmin
Ulat bagus semu ajer ora periyatin
Ayu manut kang miturut ning gurune
Ya tirua tingkah bagus kelakuane
Ati mangkel ngatur awak turut perintah
Tanda melek laku ala ya dicegah
Awak bodoh gage pada jaluk wuruk
Kursi inna angjalnaahu gawan besuk
Coba batur pikirana kesalahan
Pati belai pasrahana ing pengeran
Kepengen Mukmin
Yen kepengen Dadi mukmin ya ngalai
Ning karepe nafsu kudu disudahi
Aja jangkerik sira umpamane
Gelem didu banget bodoh agamane
Pengen mukmin kudu ana ning bibite
Ya lurua nur Muhammad syare’ate
Terus Iman syahadate manjing ati
Ora pecah ora luntur sampai mati
( Hari Selasa tgl 25 Sa’ban 1378 H / 1958 M )
Wong kang mukmin wajib ngeraksa patang perkara
Ngemot harta waktu belanja awak ira
Wurukana ilmune kang gelem-gelem
Yadelengen aja pada ngumbar ning cangkeme
Maksa-maksa ngumbaraken dadi fitnah
Nimbulaken iri dengki dadi salah
Ari mukmin iku ana alamate
Lulus atine eling Alloh ma’rifate
Kang setia ngemban dawuh ning gurune
Sumpingaken bener-bener kelakuane
Insafaken ning kalangan perjuangan
Aja katon ala maring sapepadan
Ayu bareng buletaken ya sebatur
Yen ora bulet masyarakat dadi ibur
Gede cilik tua enom lanang wadon
Ya raksaen aja pada ngerusak keraton
Alloh Allo ya Alloh kholifah rosul
Bareng geguru pituture aja ucul
Tambah ilmu kudu gelem tambah amale
Aja munafek dawuh guru sing rosule
Dodok bareng guru mulang kaudanan
Hudan rokhmat bathin eling ning pangeran
Timbul pikir luwih alus ing atine
Gelem nelangsa mengingat kabeh dosane
Bagus-baguse menusa deleng awake
Ngerasa bodoh ngerasa ina ing badane
Sugih Dunya akherat
Jaman akhir pikir ira keributan
Ya rajege aja kongsi diranja syetan
Ya rajege ayat kursi ya macane
Telulas ewu pinjul telu itungane
Lekas rebo kudu pol dina selasa
Saban waktune pitu-pitu kudu kersa
Ngerajeg kuping mata cungur lan cangkeme
Kira-kira ati suci barang harame
Sapa wonge naklukaken sedulure
Ingkang papat kelima ati panjere
Diparing sugie ora rerawat
Miskin dunya kaherat ora masakat
Diijabah penjaluke tinurutan
Sekepenge atine ya keturutan
Sewise pol telulas ewu punjul pitu
Teka mati aja tinggal maca pitu
Pekir ora nemen-nemen ning ngulati
Sekrentege ati kuh bakal bukti
Kuping ngerungu dawuh Alloh kebagusan
Mata ningal kudrot irodat sing pangeran
Cungur ngeraksakena sifat qudrot irodat
Cangkem muji kalimat Alloh aja telat
Ati suci hasud riya ’ujub takabur
Akal eling nimbang amal aja mundur
Akal ora eling Alloh banget ala
Tetep kafir arane kafir nyembah berhala
Kuping mata cungur cangkem  lan atine
Akal ma’rifat ngerasa obah sing gustine