ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

TOREKOT SYAHADAT (1378 H / 1958 M) 2

AKHLAK
Mangan kang berkah
( Hari Selasa tgl 18 Rajab 1378 H / 1958 )
Wong lunga ngaji rongokna ning tutur
Endi kang bagus lakonana kabeh batur
Yen kepengen pituduh saking pangeran
Duwe akal gagiyan eling ning pangeran
Alamate wong kebuka ning atine
Terusa ngerti iman islam agamane
Sira batur ngatosaken ning atine
Terus lali kesasar sira pikire

Wongkang ngaji pengen selamet dunya akherat
Sugih dunya mugi Alloh paring berkah
Nuhun berkah pangan kula kang setitik
Saban tingkah elinga waktu paceklik
Maca bismillah ba’da salam qobla subuh
Ping selikur aja kurang aja imbuh
Pengen sugih niat muruk ning bature
Lumayanan kanggo sangu ning kubure
Sediaa kabeh sira maring pangan
Kira adem aja mumbul hawa syetan
Pemborosan ning dunyane kudu mikir
Ora mikir pemborosan dadi fakir
Gage jaluk sanak rabi lan sebatur
Nuhun sabar sedawane panjang umur
Ngirim Ahli Kubur
Ayu batur titenana
Sega jabur kirimana
Wong tuane kang wis ninggal
Senen jum’ah aja tinggal
Wong tua ngopeni anak
Rasa repot rasa blenak
Awit cilik sampe gede
Ngarep-ngarep supaya duwe
Barang tua ora eling
Apamaning sega sepiring
Maca qulhu lan fatikha
Emong maca bagen melumah
Luwih lara ya siksane
Anak ira aturana
Ora milih ganjarane
Awit dunya kuburane
PERINGATAN LAN SIKSA
Melarat
( Hari selasa tgl 5 Syawal 1378 H / 1958 M )
Gusti syarif mulai mulang muride
Gage ngaji supaya hasil maksude
Wulan syura dina kemis tanggal pitu
Kawitana badan rabi anak putu
Memangane ning jaburan kumpulaken
Mangan sega nuli jabur anggeraken
Diharepaken mangan nginum sengelie
Tapi padu aja caplok caplik bae
Supaya bisa beda kelakuane
Karo sato aja pada memangane
Mangan sega nuli jabur aja pisah
Ora kena telat mangan ngalih gena
Ya jamane iku numpak bera bero
Omong ngamprak cekelana syahadat loro
Pikir sowak dadi kasab tinggal putek
Sebab mikir kesorene ora betek
Laki teka rabine gerayang ketimang
Rabi mangan jabur esuk olih utang
Dadi nyata rabine nyolong pangane
Cuman laki keduman ya hurane
Cawis-cawis sega nggo sodakoh
Jasmani ugah rohani ora rubah
Lanang wadon kang bersatu pikirane
Dunya akherat ya suwarga tujuane
Kira-kira urip dunya luwih megah
Terus ngaji syahadate kang kegawa
Iku tanda lanang wadon luwih wekel
Ning dunyane yen kepaten ya diandel
Bal’am bin banguroh
Weruhana bal’am iku alim ilmune
Arep mati eling emas ning atine
Dadi kafir bal’am iku ya matine
Nurut nafsu kegoda maring rabine
Karena sifat kharam kudu bukti
Kudu inget ning selulupan milalati
Yen tumeka nafsu dadi nyilakani
Yen wong mukmin sodaqoe kudu wani
Ati picek ketutupan ning nafsune
Kurang awas luwih akeh ya satrune
Ati perang karo nafsu kudu wani
Wajib Sunnah hak kang bener dibelani
Ayu ngumpul neja ngaji lan bature
Kanggo sangu gawan mati ning kubure
Wongkang mati amal ikhlas gegawane
Kabeh perintah kudu inget ning waktune
Penyakit rohani
( Hari selasa tgl 14 Jumadil Awal 1378 H / 1958 M )
Aduh awak kegila-gila bodone
Ning syahadat ora gelem gegurune
Dikon Pinter kita jawabe wis ngerti
Ya gumede takabure sampe mati
Gede-gedene dosa iku ya takabur
Senajan ibadah ilang amale ajur lebur
Dadi kaya leliwis sira umpamane
Selulup maning jumbul garing ning badane
Kader talang bagen alim ning ilmune
Udan gede mari udan langka banyune
Ngaji sembahyang luwih akeh ganjarane
Yen takabur ilang kabeh ganjarane
Den obahaken ning Alloh langka ngerasane
Sebab picek atine langka rasane
Tetep dosa sebab kita ora ngerasa
Aja mang-mang ning akherat dipun siksa
Wong gumedeh takabure jero ati
Ora ngerasa-ngerasa sampe tekang mati
Wis jamane kuwalik pikirane
Wongalima ngadiraken ning ilmune
Wong sugie ngadiraken ning barange
Kang baguse wong bodohe langka wirange
Gage eling poma-poma Kabeh batur
Dangdanana aja kongsi melebu kubur
Ati salim elinge terus-terusan
Muji dzikir sewengi nikmat syukuran
Alkhamdulillah Alloh paring kesabaran
Saged ngamalaken wajib kesunnahan
Syekhuna damar loro nuhun disuled
Nggo ngobori ati picek ingkang wuled
Syekh jabar ngurus murid supaya bersih
Meriksa murid saban tempat dikoreksi
Awas batur luruh bener kang ati-ati
Tut setitik lakonana kudu bukti
Tangekna ati badan sholat tahajud
Ati nuju Alloh paring hasil maksud
Nandur palawija kabeh cecukulan
Durung cukul ngopenane ya kengelan
Yen wis cukul nuli aweh dedempeyekan
Kabeh makhluk memangane pada doyan
Tapi sabar buangana kang temenan
Hasud takabur ’ujub riya kemusyrikan
Durung weruh aja putus keniatan
Ayu jaluk bebarengan tawasulan
Kudu nerima laku sabar ning anggone
Ora sabar nurut syahwat nyilakani
Sakurebe bumi salumahe langit
Maring Qodlo qodar Alloh aja sengit
Waktu sholat ora eling qodlo qodare
Bagen alim waktu sholat tetep blesare
Besuk pisah embok bapa lan anake
Waktu urip ora bersatu ngelingane
Maca solawat tetepaken ning atine
Ngilangaken keputekan sedayane
( Hari Selasa tgl 7 romadhon 1378 H / 1958 M )
Ngaji syahadat luruh sabar lan tawakal
Luruh tapa lan nerima enggal-enggal
Awas santri ketipu maring nafsune
Pada ngku-ngaku pinter-pinter apane
Ngadiraken bisa tobat ora diandel
Sebab tobate kaya dena mangan sambel
Ngadiraken duwe ilmu luwih pinter
Tapi cules mong kerja melarat angger
Ngaku islam masih peteng metengi dewek
Bukti rimang atine masih munafek
Ngaku iman oranana ning pasrahe
Jampi akeh kurang amal wajib Sunnahe
Lung basane bisa nemu akhir umur
Husnul khotimah ibadahe ora nganggur
Kula pasrah maring qodar maksa sumpeg
Pesten ala ora iman jaluk ajeg
Kukla angon kabeh badan maksa ngeranja
Ning maksiat kula niku boten bopten sengaja
Kula angon ning to’at maksa ketinggal
Laku wajib lan Sunnah kurang tawakal
Kula urip ning dunyane maksa seneng
Nurut nafsu kurang tapa enak mindeng
Alloh paring ning cecoban kurang sabar
Tumiba blaie iman kula maksa udar
Dados peripun ning dunya kula uripe
Ya sujude maring Alloh depe-depe
Laku kula durung bener beneraken
Buru-buru maring Alloh pasrahaken
Kaya dene kula gawe wong-wongan
Ya dipasang dienggone ning sandangan
Ya delengen wong-wongan kelakuane
Tenang nerima tawakal akeh sabare
Fitnah Dunya
( Pagi Selasa tgl 7 Jumadil awal 1378 H / 1958 M )
Awan selasa syekh jabar nguwasiataken
Nuhun lampu ning syekhuna jalukaken
Awas santri keputer pikirane
Ningal dunya ngelalaiaken pengerane
Buru-buru fahamaken syahadate
Yen wis faham terus bisa ma’rifate
Dodok bareng tunggal-tunggal panggonane
Tapi beda ning tekad peningale
Obah meneng aja melu-melu ngaku
Yen melu ngaku ati nira masih beku
Sifat mukmin lemes-lemes ning atine
Kedadian kabeh-kabeh sing pengerane
Ora bisa syahadate manjing ati
Selagine wong munafek den enuti
Wongkang kejem sira buntel ning syahadat
Aja ngandel omongane wong maksiat
Terus jujur ati badan kelakuane
Eling Alloh nurut rosul ya buktine
Sugih dunya lan akherat pengen beli
Sebab sabab musabab ya diakali
Sebab ngelakoni asbab nurut gurune
Sugih melarat pasrahana pengerane
Syekh jabar jaluk lampu jalukena
Kita urip bareng-bareng ning dunyane
Iki jaman bakal ngancik kapindone
Haram gede badan kanggo tambakene
Tulungana anak yatim fakir miskin
Den paringi ora putek ora periyatin
Maca nas dawuh Alloh bareng muni
Aja mang-mang gusti rosul kang nakseni
Tapi aja wani-wani gorohaken
Ati ngucap kudu bisa buktikaken
Cilaka temen sira kabeh sembayange
Yen gumantil demen kabeh ning barange
Senajan sembayang-sembayange nggo kadiran
Cuma luruh kanggo sandang kelawan pangan
( Hari Selasa tgl 27 rajab 1378 h / 1958 M )
Sasi rajab nuju tanggal pitu likur
Gage eling aja dengki karo batur
Gage eling mumpung durung tahun sewidak
Warahana kabeh batur lan sepanak
Iki tahun bakal pada timbule fitnah
Ora eling dadi nafsu bangete payah
Ayu niat ajar eling ning pengeran
Niat kabeh ala ketinggalan
Rongokna wasiate mas gandasari
Syahadat kang nyatroni arep buri
Jaman iki gage eling lan mikira
Dodok ngadeg melaku kenang lara
Dulur islam ngati-ati jaman iki
Kengelan pijere ngurusi rizki
Dulur islam jaman niki wajib sabar
Dosa yen sabar pasti udar
Sabar nerima kita dunya laku bakti
Sabar akherat tetep mukti
Duwe cangkem waktu ngucap kesabaran
Eling Alloh gelem nyebut ning pangeran
Paring dalan sapa nyi mas gandasari
Luhur mengko buri
Pengen sabar eling Alloh ya ning ati
Telung dina telung bengi ya dilatih
Kudu misah lan batur awan puasa
Para wali ning belenake iku kersa
Memilihe kadeh awak ning atine
Durung ngerasa awak milih ning belenake
Aja pada sulaya sira janjine
Sira dosa bonggan kegawa matine
Perasaan ngalih urip kang tawakal
Pasti mulya tinurutan kabeh amal
( Hari Selasa tgl 9 dzulqoidah 1379 H / 1958 M )
Dulur kabeh kang awas mata kupinge
Fitnah gede tangga anak lan barange
Ora bisa ngatur awak ya cilaka
Nggo cawisan urub-urube neraka
Tumibane wajib Sunnah ing hukume
Akal nimbang putusan ya ning cangkeme
Tapi akal hubungan karo pangeran
Cangkem adil nganggo dawuh hadist Qur’an
Ati bagus cangkem bagus ngilangaken
Kesalahan kang sampun diturunaken
Ibarate godong lempung lan banyune
Ora nempel kabeh bala ning badane
Sampun yakin guru ngecap ning batuke
Nyerepaken syahadat maring batuke
Alkhamdulillah dadi muride syekhuna
Kang wis ngandel tambah mulya ora ina
Akal cangkem mong-monge kang ati-ati
Kang mareki yen ngertia diobati
Dulur kabeh aja kaget satru nira
Rubung-rubung ngelingaken awak ira
Luru dunya cuma kanggo sangu waras
Ya ngambaa dalan Alloh sampai jelas
Cawis-cawise mumpung ana ning dunyane
Kanggo sangu ning kuburan panggonane
Ngaji tawasul ragamna ya sebatur
Aja kongsi tabrak-tubruk jero kubur
Ingkang khusyu waktu ngaji tawasulan
Aja kongsi dialani sedalan-dalan
Batur kabeh ngati-ati duwe umur
Amal soleh anak rabi lan sebatur
( Malam Rabu tgl 21 ’Asyura 1378 H / 1958 M )
Weruhana jamane jaman walikan
Ora eling derajat turun kehinaan
Wong kayane dadi turun kesugihan
Kang sugihe ya keblinger pikirane
Sebab nyata ora eling ora bener
Emong Pinter tapi adat kaya laler
Yu pikiren pikirana sampe terang
Gusti Alloh nulungane pirang-pirang
Seser diwalik ayu merambat ning wadahe
Ora kentir kang ngandel dawuh guru dawuhe
Weruhana iki jaman sampun ganti
Kang ora weruh ketinggalan kawan mati
Nyamaraken ibadah kelawan sare’at
Eling Alloh den murahi waktu sekarat
( Hari Selasa tgl 1 Robiul Awal 1378 H / 1958 M )
Terus gelem ngambah dalan kebagusan
Manut perintah ninggal cegah terus-terusan
Den paring nikmat melebu ning atine
Ya rumesep ning ruhani sampe mati
Sapa wonge mider-mider ning dunyane
Pasti picek amal akherat ning atine
Wedenana mata picek langka sing nuntun
Poma-poma tinggal Sunnah Gage getun
Sangu Kubur
Pengen selamet ngelakonane kang temenan
Wajib Sunnah cuwan lali ning pangeran
Ngumpulaken sangu mumpung ning dunyane
Kanggo sangu kubur masyar panggonane
Aja sangu hasud dengki takabure
Ula kelabang kala jengking ya bature
Kita dunya di kongkone waji milih
Ngaji syahadat pikirane kudu ngalih
Qodlo qodar gusti Alloh kang gadahi
Kita nurut tapi ita mong belai
Bisa milih nafsu kita dadi kalah
Wajib Sunnah sah wenang ora salah
Yen kepengen dadi umat gusti rosul
Duha tahajud lan wiridan aja ucul
Ayu bebatur gage tagi buru-buru
Jalanaken sabilul khoirot cuwan keliru
Yen wis ucul bala serandil era eru
Wong Islame bakal entong ya separoh
Nurut guru torekote maring Alloh
Wajib ngelakoni perintah guru saking Alloh
Maca syahadat kaping telu aja keliwat
Duha tahajud tunjinane dadi syarat
Maca ya kafi ya fatahk nuli karcis
Nganggo jubah sorban putih ingkang percis
( Hari Selasa tgl 10 Robiul Akhir 1378 H / 1958 M )
Ayu batur cuwan badan sira luntur
Supaya getol ibadah sangu kubur
Bocah santri ngeraksa badan ngati-ati
Cuwan bae ngeraksa badan kedinginan mati
Aduh gusti awak kula ya kepripun
Balik sing dunya awak lebur dadi getun
Baru kerasa kacung bayi melebu kubur
Ngemet syahadat arep maju dadi mundur
Baru kerasa kacung bayi tekang genah
Ora bisa ngeraksa badan dadi hina
Saban tiang gelem bakhti dituturi
Terang welan syahadat kalih dikawuri
Rongoknana wiwitan simbara dingin
Abah wareg mulang murid ya sing bengen
Aduh murid tulung-tulung ning dunyane
Izroil teke mandut roh ning badane
Sore sabtu selametane ya setebok
Kanggo ngirim niatana bapa lan embok
Ayu batur eling Alloh mumpung dunya
Ora eling sira bakal kaniyaya
Hukum Alloh hukum rosul ayu diamba
Besuk maksyar den aubi kayu kastubi
Luwih wangi luwih seneng luwih adem
Wajib Sunnah ngelakoni ingkang ayem
Awan bengi esuk sore ngelakonane
Ingkang wekel sira ngajar ning badane
Gage ngaji mumpung ana pembukaan
Syahadat loro sangu balik akhir zaman
Kita dunya kuatire dadi kafir
Yen kafir ning akherat dadi fekir
Qodho iku hukum Alloh luwih jembar
Alloh paring akal eling aran jembar
Nuli cocog eling amal hukumane
Ahli Sunnah waljam’ah ya arane
Ora cocog eling Alloh lan amale
Muktazilah kejaba saking rosule
Ora mukmin ora duwe ya syafa’at
Selagine umat ridho ning maksiat
Sapa wong nginjen-nginjen maring Alloh
Den paringi nur Muhammad Qudrot Alloh
Luru dunya ning amal ingkang wani
Sejen kang mekaya sejen kang duweni
Ati eling luwih penting luwih awas
Urip matne Alloh rosul banget melas
Bapa tani yen nenandur ya niatana
Bokan kepengen ning makhluk ikhlasana
Kanjeng nabi praktek pinter nusun agama
Amal soleh yen temenan ya diterima
Bagja untung ati kang bangete ikhlas
Seneng dunya lan akherat selawas-lawas
Siksa
( hari Selasa tgl 12 Jumadil Akhir 1378 h / 1958 M )
Ganti wulang wulangane gusti ali
Aja kaget bakal akeh wong kang ngalih
Pada ngali wong mukmin rodhotul madinah
Wong kafire ditinggal alam syakowah
Aja eman aja abot ning pekaya
Ya ngebona ning suwarga bakal mulya
Ngulati pekaya awit cilik sampe tua
Ketinggalan sira mati ora digawa
Yen takabur percuma sira urip
Nggo dasare neraka dadi intip
Ngadiraken sugih pinter urip dewek
Yen ngaku urip dewek ya munafik
Yen kepengen dihukum wis mati
Kudu nyata awak kabeh manut gusti
Ora manut uripe masih diaku
Nubruk roh izroil ya karo kuku
Ya disebrat padane sewu pedangan
Diuyah asem panas perih peperengutan
Ning gelitan disebrat ya ditarik
Luwih bagus patine tenimbang kirik
Ora diaku umate kanjeng nabi
Bonggan ibadah tho’ate ora wusul
Ayu dipikir kemandian ning uwite
Kabeh alam sing kanjeng nabi ya awite
Banget welan urip ira ning nunute
Ayu nggandul ngati-ati ma’rifate
Aja gumede ngadiraken duwe apa
Yen dipegat dunya akherat kaya apa
Cilakane kemaduan terus garing
Wong matine ora pada mati maning
Pemisahan bakal teka ya jamane
Ora sabar wis pegel ya ngentenane
Aja kongsi eling dunya mati kafir
Eling Alloh rosululloh kang dipikir
Kuping tungguru ngakune Alloh perentah
Cuwan keliru ngelakonane dadi salah
Duwe mata tigalana awak kula
Aja kongsi pada tiru gawa ala
Boten terima nyi ayu gandasari
Ing tawassul inna angzalnaahu ditinggal kari
( Hari selasa tgl 19 Dzulkoidah 1378 H / 1958 M )
Mas Gandasari jaluk dipayungi
Umat kang ala pengen beli ditulungi
Jalukana mas gandasari ning santrine
Apa nanggung apabeli ngelakonane
Sira nanggung kita sanggup ya mayungi
Kabeh umat ya diraksa tak tulungi
Kita jaluk nugel rambut ya potongen
Nyebut Alloh terus eling bebarengan