ANDA MAU Selamat dunia akherat segera ke panguragan cirebon indonesia asysyahadatain abah umar , dijamin selamat dunia akherat , asal menjalan kan apa yg di jalankan oleh syechunal mukarom abah umar ,dijamin

MASALAH KUBUR LAN AKHERAT (1)

( Malam Senin tgl 17 safar 1376 H / 1956 M)
1.1.    Masalah kubur
Sapa wonge ora nurut syahadate
Ning neraka yaiku genah tempate
Teka kubur ya disiksane
Terus nggencet ya bumine
Tangi sing kubur terus dipapag
Kelabang quraisy terus ngudag
Ora amal duwe ilmu
Eling Alloh ora ketemu
Sebab syaiton wis ngeranjing
Pikir lali ora eling ning pangeran
Ngaku alim luwih penting
Cangkem muntuk atine gering
Badan kerja luwih payah tapi kerja atine salah
Tiwas payah atine salah ning akherat bloli genah
Pikir peteng keliwatan badan kenang pengaruh syeton
Apal lafad ma’na artine tapi badan langka buktine
Nafsu mumbul terus kuncup ora megar gawan besuk
Ora bisa laku taqwane mati tetep langka gawane
( Malam ahad tgl 26 safar 1376 H / 1956 M )
Wongkang nyingkur ayat Qur’an
Mati tetep dadi syaiton
Pengen keturunan nure kanjeng nabi
Ia kudu haramah lahir batin
Ngarep – ngarep kita lahire ing pikire
Ati eling kanjeng nabi ing lahire
Tanggal 12 bengi senen ing lahire
Eling Alloh rosulullah ya pikire
Aja disela – sela ning kasabe
Tetepan sira kasab ning wajibe
Sapa wong gelem hormat kanjeng nabi
Diilangaken susah priyatine anak rabi
Ayu batur njaluk syafa’at ning badane
Perkara 8 nuhun saged ngelakunane

1.2. Ziyarotul kubur
( Malam selasa tgl 12 mulud 1376 H / 1956 M )
Ziarohe ing wong tua ahli kubur
lan ing anak rabi kabeh lan sebatur
Maca qulhu lamun bisa maca yasin
Tetepan ngirim pangan ingkang rajin
Duwe badan awan bengi esuk sore
Ayu eling bakal mlebuh ning kubure
Tapi ketutup ati ning lali ning dunyane
Mikir mikir sandang pangan kesabarane
Ayu muni ati kita jaba jerone
Eling Alloh nurut perintah ning badane
Ayu muni ati kita jaba jerone
Eling Alloh nurut perintah ning badane
Tanda wedi ning pangeran dohir batin
Gelem kejem ngaji syahadat aja isin
Watir dunya kumprung atine Ayu watir bakal matine
Yen kuatir tetep atine ngeling – ngeling pangerane
Gelem luruh pekaya dunya akherat pengen mulya
Yen wis makan keturunan eling Alloh aurade jalan
Luhur bener cuan – cuan Ingkang awas panggoda syaiton
Ati eling ana imane maca aurad mancleng nuhune
Nuhun selamet lan diraksa dateng gusti kang kuasa
Syafa’at gusti rosul maring guru ayu nggandul
Ati murni ikhlas arane kebagusan ngelakonane
Ati campur karo iblis terus toma’ beli uwis – uwis
Ora wirang sira pikire ibadah sukar lan bature
Toma’ iku lara ati adoh karo kanjeng nabi
Mikir dunya pengen bae lakune badan salah bae
Hukum toma’ jero atine urip susah pikire
Dugal mengkel ning atine karo batur merengut bae
Ya ning kene nggo contohe aja salah sira atine
Ngaji badan aja toma’ Luntur imane sebab toma’
Ning dunyane dadi hina ning akherate blolih gena
( Malam Sabtu tgl 9 robiul awal 1376 H / 1956 M )
Aja enak sira nyandang lan memangan
Syukurana direzekini sing pangeran
Sira tinggal syukuran karo pangeran
Bendunge dibengkah blaie kang welan
Ayu batur ragamana berjamaah
Syukuran badan gelem nurut kabeh perintah
Pengen dadi umat rosul
Gaweya bagus aja ucul
Langgeng ngaji berjamaah aja seneng sholat ning umah
Gawe amal gage cawis aja nurut dituntun Iblis
Durung subuh gage tangia ati mati kesia – sia
Aja njaluk kudrot irodat njaluk keridoane syafa’at
Terang mahsyar bakal susah panas ngeringet pating gelasah
Luwih panas banget ngorong Bonggan sira dunyane kosong
Gawe amal ora nyata keringet banjir banyu mata
Dina mahsyar luwih payah ngadep landrat padune kalah
Hakekat campur syariat ngaji syahadat terus ma’rifat
Ayu tangiya sira dunyane akherat nemu ganjarane
Wongkang urip gelem islam Lagi nuhun rokhmat salam
Eling Alloh dieseni manut rosul disakseni
Supek ati emong tangi nuhun gusti ditulungi
Jujuraken ati kulane Badan kula ingkang alane
Eling Alloh ana ning ati lakune badan sing ati – ati
Ayu batur digolati mumpung badan durung mati
( Hari rabu tgl 6 mulud 1376 H / 1956 M )
Tawakala sira badane mumpung urip ning dunyane
Manut rosul kelakuane Ora gelem mati kafire
Nerima kula ridho kula di pangerani
Eling Alloh merangi nafsu ingkang wani
Nerima kula ridho kula di nabini
Manut rosul merangi nafsu ingkang wani
( Malam senin tgl 3 robiul akhir 1376 H / 1956 M )
Iblis wedi ning nure kanjeng nabi
Pengen ketempelan nure kanjeng nabi
Urip dunya kang netepi kabeh perintah
Pengen islam ayu tinggal kabeh cegah
Emong mati durung sugih gawan mati
Sebab durung ditanggung kanjeng nabi
Kanjeng nabi gelem nanggung ning umate
Yen sira mati pada gawa syahadate
Bisa kegawa syahadate lamun suci
Ning ati lan weteng badan pada suci
Aja enak islam ira ning ngakune
Ora bisa sira kabeh ning ngelakunane
Dadi percuma gawe maksa – maksa
Ning akherat tetep mati ya disiksa
Sebab terang demen Alloh ning wong suci
Ora duwe ati mengkel sengit benci
Sebab nyata Alloh demen ning wong tobat
Ora gelem ngaku salah ngambat – ngambat
Ilmu kang ngajak ning jejurang  balekena
Aja gelem nafsu ngajak singkirana
Sira ucul iman islam jurang neraka
‘alamate wong kang banget celaka
Sapa wonge kang sengitan lan baturan
Bloli ngapura terus disiksa ning kubure
Kasab angger sandang pangan kurang bae
Dadi bloli dalan rizki buntu bae
Tetengere wong mukmin akeh ampurane
Ora nana geting ewa ning atine
1.2. Siksa kubur
Ora jaluk ning kanjeng nabi kesusahan
Dunya ora tobat ning pikiran
Bakal dicubluk jero kubur awak ira
Ingkang waja disanter saking neraka
Ula kelabang kalajengking golong – golong
Wong waktu urip matane lolong
Gusti nuhun kula dipun wangsulaken
Tobat amal soleh njalanaken
Siksa kubur banget panas aja mang – mang
Iku pasten tinggal syahadat lan sembahyang
Beli diampura wong kang ngaku kebodohan
Sholat dukha tahajud mader kesunahan
Wong kang ora gelem tawasul ing kanjeng nabi
Pasti getun ning akherat ya syafa’ate
Syahadataken sepisan sira macane
Nuhun selamet waktu naja ning dunyane
Kula maca syahadat kaping pindone
Nuhun selamet munkar nakir penjawabane
1.4.  Masalah akherat
( Malam Ahad tgl 9 robiul akhir 1376 H / 1956 M )
Nangisi badan nggo badan akherat Apa gunane
Durung bisa nangis kita ning atiene
Gage wedi watir maras ning atine
Akhir umur bokan bloli pangapurane
Yen kepengen sira duwe ati mukmin
Aja wedi kurang mangan watir miskin
Dadi rusak awan bengi sira pikire
Rusak ati ora gelem muji dzikire
Melek mata ati dunya nurut ning agama
Bisa munggah gelem amal kang utama
Yen duweni watir dunya wedi melarat
Ora sempurna amal akherat luwih berat
Sebab ati masih dijajah Iblis
Mikir dunya sampai mati beli wis – wis
Nyata pisan Iblis nipu maring iman
Supaya mati ati lali ning pengeran
Ayu santri raksana ning pikire
Gede cilik tua enom ning kubure
Aja enak – enak sira ning dunyane
Sira lali ya nerka iku siksane
Neraka ngobong alam dunya sekelentaban
Waktu lema ajure dadi lautan
Apa kuat sira badan ning siksane
Buru – buru njaluk ngapura ning dosane
Den boboti tali rantai ning isine
Bismillahi arrokhmani arrokhimi ya macane
Alloh paring mingki murah ning dunyane
Tapi kanggo sangu ibadah memangane
Den asihi sira waktu ning matine
Eling Alloh ora pegot ning atine
Tanda gelem muji syukur alkhamdulillah
Alloh paring nikmat badan nurut perintah
Wongkang mukmin ati bunga lan jembar
Blai teka terus terima banget sabar
( Hari selasa tgl 18 Robiul akhir 1376 H / 1956 M )
Muhaiminan ngadek madep ning kanjeng nabi
Pengen maris ning nure kanjeng nabi
Kabeh mahluk sejagat mesti keduman
Yen gelem eling waktu ngadek ning pangeran
Pada –padane sira olih ning bagian
Badan demen ning kanjeng nabi sing pikiran
Ngadek ndodok turu meneng kang ngobahaken
Gusti Alloh Awan bengi kang njalanaken
Nur muhammad den bagikaken maring mahluk
Ayu madep ing kanjeng nabi terus njaluk
Nuhun –nuhun rokhmat salam dunya akherat
Budi pekerti bisa lulus yen syahadat
Maca syahadat kaping telu aja belasar
Nuhun selamet maju landerat aroh – aroh mahsar
( Hari selasa tgl 13 jumadil Akhir 1376 H 1956 M )
ayu batur kendokaken laku goroh
Eling kubur gegawene syahadat loro
Uluk Salam maring ahli kubure
Apa maning yen ketemu karo bature
Wani goroh dadi peteng jero ati
Laku Islam ora bisa kang sejati
Aja nanggung laku sabar ning Islame
Ngaji Pinter cuma ngerapyak ning cangkeme
Ngaku Islam kudu ana kelakuane
Ayu mikir ora lawas ning dunyane
Siksa Alloh luwih lara banget berat
Urip dunya ora lawas mung sedelat
KEHIDUPAN DUNIA
Miskin
Muga paring manfaat dohir batine
Nuhun sugih dunya akherat senengane
Yen kepengen ayu santri ya ngulati
Aja miskin urip dunya sampai mati
Miskin akherat eri jakum panganane
Godogan timah iku kanggo inume
Ayu ngaji gawan mati cuan lali
Kegodane emong eling keduli – duli
Lunga ngaji dajjale iku kang godani
Gage gandul kanjeng nabi mesti wani
Awan bengi awake langka sabare
Sebab kita kurang ning belajare
Ayu titen geten tetap ngelakoni
Pengen eling cangkem ngucap omonge
Kita pada gelem tangi muji dzikir
Jasmanine rohanine kang kuatir
Esuk – esuk jasmanine njaluk sarapan
Tangi turu rohanine njaluk takbiran
Ngati – ati gerenjet ning atine
Jalanaken pikir siji ngelililingi
Pikir ana syahadat kang manjing ati
Silum – siluman koyokeh terus ngulati
Masih ana ati nira kemusyrikan
Njaluk Ngapura ora nerima ya pangeran
Pengen seneng urip mati gawa iman
Nyegaha nafsu tobata eling pangeran
( Malam Senen tgl 12 Rajab 1376 H / 1956 M )
Ayu ngaji lunga sira ingkang ikhlas
Gage tobat ati nggeges mumpung waras
Ngaji syareat mberseni kabeh badan
Yen kepengen keparek karo pangeran
Aja dumeh nyantrine wis dadi kiyai
Laku hasud musyrik takabbur pasti belai
Hasud musyrik gage sira dibuangi
Bisa buang sura tetep mambu wangi
Ngesabaken jasmani lan rohanine
Aja mikir repot Susah ngelakoni
Ora ngaji gawe amal ora bukti
Ora bukti hukum syara’ ora ngerti
Ora ngerti hukum syara’ kudu ngaji
Aja kongsi umur entong sampai mati
Ayu santri pada ngaji syarat rukun
Syareate haqeqote runtun – runtun
Sapa wonge pengen bagja kudu taqwa
Ora taqwa imane ora kegawa
Nafsu mumbul Susah periyatin kudu nerima
Terus kumpul ngurip – ngurip ning agama
Titenana atine saking kerentege
Eling Alloh rosululloh njagong ngadege
Syeikhuna nangekaken umat rosul
Cekelana muhaiminan lan tawasul
Terus maju mata ati tafakure
Gusti nuhun sampun mati ning kafire
Aran nggandul eling Alloh saban tingkahe
Jasmanine rohanine ning Abah umar
Syahadat mbuka kesugian awak ira
Sebab dubuka ilange sepuluh perkara
IIange (Sepuluh) Perkara
Iki jaman sampun ilang perkara haq
Bagen alim ibadahe ora haq
Iki zaman sampun ilang keerkahan
Bagen sugih atine ngerasa kemelaratan
Iki jaman ora nana kewelasn
Karo batur pada paten pinatenan
Iki jaman ora nana ning ganjaran
Bagen ahli ibadah ibadahe lali pangeran
Wong fakire ora duwe kesabaran
Kurang setitik nimbulaken penipuan
Wong sugie ora nana kelomanan
Bagen dirampok tenimbang nggo sodaqoh
Jaman akhir ora nana keimanan
Bagen akeh ilmune gampang godaan
Jaman akhir ilmu ilang manfaate
Ahli tapa kiyai langka keramate
Jaman akhir lanang wadon langka wirange
Bagen ayu emong laki bagen dayange
Wong manute ora ngagungaken Qur’an
Luwih alim gampangan kegoda syetan
Sira nyata ora duwe ati jujur
Ya disiksa ning neraka terus njebur
Ayu sira gage njaluk pangapura
Kabeh dosa wongatua  kalih kula
Kang  mberseni ati iku ya syekhuna
Ayu madep bagen langka tetep ana
Terus diwaca ba’da sholat kaping telu
Bisa milih karomate lamun perlu
( Malam Selasa tgl 27 Rajab 1376 H / 1956 M )
Bintang bulan mulai terbit eling Alloh cuan kejepit
Yen kejepit langka mungupe eman temen kita uripe
Dadi peteng mata atine
Ora eling pangerane
Apa kuat sira badane
Ning neraka ya siksaane
Ayu mikir bakale mati
Nyawasaken dateng gusti
Ayu mikirbarang haq
Iku amal ora rusak
Ingkang sabar ati cangkem
Nyata iku ana Islam
Ora sabar langka taqwane
Ora manfaat ing ilmune
Nure ati sing pangerane
Cocogna amal badane
Karo hukum nabi utusan
Perintah wajib kesunahan
Nur hidayah panclenge ati
Emong eling kepawate ati
Katone gampang dening angele
Lamun ora pegot gandule
Ayu pasrah kabeh atine
Ing kanjeng nabi awan bengine
Iku pasti den tulungi
Gelem njaluk waktu bengi
( Malam Senen tgl 2 Sa’ban 1376 H H / 1956 M )
Buru – buru tetepana perkara hak
Yakin pisan amale ora rusak
Kita urip saking Alloh kang maringi
Kudu manut perintah Alloh awan bengi
Ayu wedi kita urip ning salahe
Lakonana perintah wajib lan sunnahe
Kita urip ning dunya waktune tobat
Kita urip saban waktu nggon syahadat
Ahli pertanian
Guru ngatur selamatan dunya akherat
Saban tanggal selamatan aja keliwat
Tiap – taip tanggal cilik bengi selasa
Semono ugah laku tanine ingkang kersa
Ayu batur kumpul tajuk luwih utama
Niatana ngurip – ngurip ning agama
Laku Sunnah kang semangat enggal – enggal
Lumayanan wajibe kurang kanggo nambal
Aturane Ibu Hawa Bapa Adam
Nuhun selamet dunya akherat iman Islam
Para nabi para wali den aturi
Nuhun berkahe kula niki nandur pari
Ning wong tua ahli kubur cuan keliwat
Tinggalane bisa mulur lan munfa’at
Pada gumantung wowohan pala kependem
Aja kerangsang hawa nafsu dadi adem
Awas pinutur kecerbonan wis kosong
Ora ngatur ing Agama banget lolong
Pisangkala gelem tapa napani dunya
Rasakna ning akherat kaniaya
Ayu batur tangi turu diniati
Terus manut kabeh perintah kanjeng nabi
Nuhun paring ilmu ‚amal manfate
Kira amal bisa kanggo sangu mati
Ayu batur pada luruh amal ilmu
Gage takon maring para santri guru
Tanggal sawiji sampe limalas rowa
Maca inna anzalnahu aja robah
Awan puasa bengi melek Limalase
Nambah umur dunya selawase
Ayu diuji sira amal badane
Pengahabisan buku ditutup ning tahune
Negara
( Malam Rabu tgl 4 sa’ban 1376 H / 1956 M )
Ayu njaluk ning guru jalan kang welan
Aja kesasar atine kelindih syetan
Badan iku ya ibarate negara
Ati iku kerajaan binantara
Anggota badan iku tentarane
Nurut pimpinan raja iku tindakane
Yen rajane Raja syahadat nguasani
Kabeh badan ibadah kang dilakoni
Ingkang faham Ati iku kerajaan
Awas kelindih dipengaruhi syiton
Bala syaiton hawa nafsu dunya Iblis
Ora ma’rifat manjing ati luwih gelis
Luwih cepet syiton pengaturan
Agamane rosululloh sing pangeran
Iku badan welan nyata welan kemusrikan
Syaiton njajah ning ati lali pangeran
Ayu bebalik atinira inkang asor
Sebab waktune iku uwis asor
Ayu eling mumpung urip kag utama
Yen wis kubur ora keterima
Ati ngelingi ning badan akeh salahe
Syirik ‘ujub hasud riya toma’ bae
Ayu batur pada sabar lan tawakal
Elingana wajib Sunnah enggal – enggal
Camplang campling wong ning kubur njaluk mulih
Wong disiksa njaluk balik ora olih
Mumpung urip syahadataken lan sembahyang
Aja periyatin aja isin aja wirang
Mbuang zakat romadone puasa
Lunga ngaji sesucine ingkang bisa
( Malam Selasa tgl 10 Sa’ban 1376 H / 1956 M )
Gage njaluk maring Alloh Lan memuji
Supaya cangkem ati dadi siji
Gage ngaji nggawa sabar kang keterima
Beresana awak kula aja toma’
Ayu batur buru – buru gawa bener
Aja kadiran sira alim luwih pinter
Senajana Pinter tapi ora bener
Ya kualik pikirane ya keblinger
Eman temen sira pinter ning dunyane
Iman Islam kudu bener kalakuane
Ayu tangi jaman bengi gawe sabar
Maca solawat ning atine dadi damar
Nuhun dibuka ati kula ingkang mati
Waktu solat eling Alloh sampe mati
Untung wongkang oli pituduh pangeran
Dunya akherat mesti oli kesenengan